Posted by Mas
Kumitir
Ing ngandhap punika rerembaganipun
Ki Ageng Pengging nalika kadhatengan tamu pun sakabatipun nami Pak Kadim nyuwun
dumateng Ki Ageng supados dipun wedaraken babagan kawruh sarta dunungipun
pralampita suraosipun bab kawruh napi lan isbat. Ingkang kapendhet saking
pepiridan pangandikanipun Kanjeng Nabi Muhammad saw dhateng para sakabat
sekawan Umar, Abu Bakar, Usman lan Ali nalika sakbakdane sholat Jum’at wonten
ing Baitullah.
Bab kawruh napi lan isbat punika
kepethik saking Serat Walisana pupuh 56 Dhadhanggula ; 16 pada, pupuh 57 Sinom;
23 pada lan pupuh Kinanthi; 9 pada. Mugi-mugi para sutrisna kadang seludur
sedaya rena ing penggalih. Nuwun.
DHANDHANGGULA
- //
Dhuh bandara kang asih ing dasih / kamipurun matur sarasehan / nuwun
uninga dununge / pralampitaning kawruh / isbat napi amba tan ngreti /
paran ing wejangira / ulun nuwun makmum / Ki Ageng Pengging ngandika / he
rengenta nalikanira Jeng Nabi / Rasul Nayakaningrat //
- //
Wektu subuh niyat satengahing / takbir ikram myang tekabulira / pinareng
lan nugrahane / rinilan medhar ngelmu / bangsa tekad tekabul ngelmi / ing
napi lawan isbat / binabar ing kalbu / ywa kongsi tan mor ing karsa /
rehning tunggal karya tunggil warni tuwin / amung beda asmanya //
- //
Kabeh kalebu obahing budi / beda-beda lan panunggalira / rerasan rasa
rungone / pamawasaning kawruh / wruh ing dudu deduga dadi / widagdane
kasidan / sidik ing pandulu / pandulu delenge ilang / langlangana meleng
denira angliling / weninge ing panunggal //
- //
Ing nalika Jumungah jeng nabi / lawan para sakabat sakawan / neng
Baitu’llah sabakdane / salat Jumungah laju / arsa medhar kawruh kang gaib
/ wiwite bangsa tekad / catur antepipun / jeng nabi aris ngandika / heh ta
Umar Abu Bakar Usman Ali / payo padha rerasan //
- //
Kang sun rasa sarahsane ngelmi / ing Hyang Maha Suci kang anitah / napi
isbat prabedane / myang pisah kumpulipun / jroning rasa kawan prakawis /
sawiji adhepira / eklas kalihipun / tri antep teteping tekad / kaping pate
sampurnanira ing pasthi / wruha bedaning tunggal //
- //
Ngawruhana bedane kang napi / ngawruhana bedane kang isbat / paranta
mungguh dununge / heh sakabat-ngong catur / sapakoleh pikiren sami / salah
siji kang tampa / ilhaming Hyang Agung / sukur bage kabeh tampa /
begjanira ywa kongsi anggendhong pikir / pra sakabat tur sembah //
- //
Raosing tyas pan dereng amanggih / pan sumangga ing Gusti Panutan /
abdinta nuwun jarwane / jeng nabi ngandika rum / bangsa tekad samya
pinikir / yen bener pirangbara / ing panemunipun / ing mengko pan ingsun
jarwa / apan nenggih napi isbating Hyang Widhi / antepe jroning rasa //
- //
Waspadakna ananireng Widhi / panunggale ing rasa punika / saobahe saosike
/ kalawan weningipun / yen wus wening ananing yekti / yektine datan liya /
mungguh ing Hyang Agung / pamomore karsanira / ambawani solah-bawanira iki
/ anglimputi tyasira //
- //
Dumununge ana kang ngarani / turu lungguh atangi lumakya / iku ta nugraha
lire / upama damar murub / urubira padha madhangi / kang padhang iku nyawa
/ iya kang anglimput / ing sajroning rupa panas / yeku mangka ibarat
ingkang wus yekti / isbate ana sira //
- //
Mamanging tyas tetep isbat yekti / napekena napi kang kisinan / ing awas
pamoring gawe / kuwat tumibeng kewuh / jroning amrih antareng pati / pati
patitisena / kang wening dumunung / isbatina kaananing dat / rasanira napi
tingaling Hyang Widhi / pangening cipta maya //
- //
Pancadriya driyane kang wening / nirna mala memalaning driya / ideken ing
bumi sareh / ririh satiti ruruh / peteng renten ruktinen kapti / tratap
kesaring nala / yeku mangka siku / pamurungireng kasidan / yen tan eling
awas lawan sipat napi / sipate awasena //
- //
Prabedane lan sawiji-wiji / dat wajibu’lwujud bokmanawa / ing kene
pinarengake / cipta ingkang tuwajuh / jinatenan jatining jati / jatine
antepira / dera Kang Maha Gung / yeku marganing kasidan / widagdane
kandel-kumandel ing Widhi / pinandeng kang waspada //
- //
Kaanane sedyanen ing budi / ilapate ing dat kang sanyata / pinta-pinta
panggonane / bangsane isbat iku / napinira pan napi jinis / yeku mangka
panunggal / ing ananireku / napinira isbatena / ing tegese murca
tetunggale dadi / pratandha neng sihira //
- //
Netyanta kang warna kaananing / dat sampurna nur mor ing kang warna /
awenes wening bedane / dat salikin rumuhun / cahya saking ing driya adi /
lintang panjer rahina / eram arum-arum / dat mutlak kadi purnama / dat
alimun ing sapanunggale dadi / sawarna lawan sipat //
- //
Ilanging edat asma wahyaning / dat subekti lir surya warnanya / muksaning
dat subektine / ing cahyaning dat suhut / angebeki buwana kaki / cahya tan
ana madha / ing salaminipun / beda lan padhanging surya / myang padhanging
rembulan datan amirib / iku padhanging padhang //
- //
Kang munggeng jroning padhang kang mesthi / ananing dat pasthi ananira /
ananira sajatine / ya ananing Hyang Agung / solah tingkah wus datan kalih
/ iku isbating nyata / napi wus kapungkur / iku antepe tyasira / antep iku
pepadhang paworing gaib / wong anom den waspada //
S I N O M
- //
Paranta ing sabatingwang / Abu Bakar Usman Ali / Umar mara kabeh samya /
rasakena rasa iki / thukule ingkang ngokil / pinareng lawan panuju /
nugrahaning Hyang Suksma / yen mungguh panemu mami / sun sumendhe ingaran
reh ing kawula //
- //
Ing kono manawa ana / panemu salah sawiji / rujuk lan panedyaningwang /
sukur bisa anuwuhi / waspadakena malih / lelakon wentehanipun / sira padha
uruna / kawruh wajib lawan napi / dadi bisa sampurna kaananira //
- //
Wuwuh kandel-kumandelnya / sakabat sujud ing siti / satangine sujud nulya
/ ndonga sukur ing Hyang Widhi / samya umatur aris / dhuh Gusti duteng
Hyang Agung / kang mangka nayakaningrat / kang sestu panutan mami / dunya
khirat kang paring swarga minulya //
- //
Langkung geng ingkang nugraha / mupangat tuan nrambahi / marma umate
sadaya / tangeh sagede mangsuli / malah miluta saking / dutaning Hyang
sabdanipun / jeng nabi angandika / sukur yen padha nyadhangi / yen wus
nyata sineksi padha kadriya //
- //
Ing kuna pan durung ana / seksi masalahing tafsir / sirik sikune jubriya /
rehning beborongan budi / wit datan pinarsudi / kawaspadan tuna luput /
cacad marang weweka / sambikala anasabi / kabegjane agawe salah panarka //
- //
Dangdanane cipta maya / sangsaya adiyon angling / nglimputi lebeting arja
/ jumeneng manah kang wening / menek manawa dadi / dalan arjaning tumuwuh
/ ewuhe wong aulah / kawaspadan maring gaib / bedanira asring kakenan
nugraha //
- //
Rarasen ing samadyanya / kewala lair lan batin / antepira kang santosa /
barang parentah Hyang Widhi / kang dadi lawan tafsir / aja gumingsir ing
kalbu / saobah osikira / pasraha karsaning Widhi / dadi sidik kasidanira
widada //
- //
Racuten ing panarima / yeku tetalining eling / lire kabekaning driya / wus
tan ana anglabeti / ing mengko sun jarwani / lakune ekhlasing kalbu / napi
patang prakara / lawan isbating kang tafsir / wujud ngelmu nur suhut napi
isbatnya //
- //
Dene wujud tegesira / ya ana ananing Widhi / ngelmu kawruh tegesira /
ingkang kawruh ing Hyang Widhi / yeku isbat babade kaanan tunggal //
- //
Tunggale kaananing Hyang / iya ananira iki / ngawruhi Hyang kawruhira /
cahyaning Hyang Kang Ma Suci / iya cahyanireki / muklising Hyang Kang Aluhur
/ tan ana prabedanya / wruha bedaning atunggil / dadi tetep anane Gusti
kawula //
- //
Pan ing kono patrapira / sejene kawruhireki / sinandhang iradating Hyang /
sinerung aralireki / tegese angadhangi / ing driyanira kang wanuh / lan
pancadriyanira / weh pantog petenging ati / anenulak marang kawaspadanira
//
- //
Sarehna tyas kang santosa / rehning aral kang ngawruhi / aja ngemeng
panarima / trimanen ganjaran Widhi / dhaupa myang kedheping / iradatira
Hyang Agung / ing kono yen wus nyata / tetepe atunggal kapti / yeku mangka
loro-loroning atunggal //
- //
Lorone aral kawula / wiji ing ujar sawiji / obah-osiking kawula / meneng
muni kang awening / yen nembah lan amuji / tan ana jujug-jinujug / pujine
mung raharja / raharjane wong sabumi / barang tingkah polah iku krana
Allah //
- //
Solah-bawa melasarsa / yen ta ikhlas lair batin / dene tegese kang cahya /
cahyaning Hyang Kang Ma Suci / kawawa amadhangi / jagad cilik jagad agung
/ myang Kang Murba Misesa / warna lintang lawan sasi / kabeh ingkang
sumorot cahya Kang Murba //
- //
Padha cahya nora kena / pinapadhan anglimputi / ing alam sahir kabirnya /
kang sestu cahyaning Widhi / sumandhing amadhangi / jagad gung akeh
kalimput / momoring cahyanira / prabane sajroning kapti / anrambahi
prabaning kang diwangkara //
- // Pira-pira
prabawanta / tangi turu mlaku linggih / ya cipta kuwasanira / pribadi
ingkang mastuti / temtu nur-ing Hyang Luwih / den waspada ing pangangkuh /
kukuhen utamanya / tuman tumemening Widhi / satuhune sireku sarasaning dat
//
- //
Polah-tingkah saking Allah / ngawruhi bedaning tunggil / rehning apes
duwekira / ngrasaa lamun antuk sih / sengsemana kang yekti / iradat
ingkang saestu / teka ing ikhlasira / iku bokmanawa keni / padhang iku
pratandha antuk sihira //
- //
Ing lohkhil-makful manawa / agung pamoring kaleki / iya tegese anuksma /
sinuksma mungguh Hyang Widhi / dene kang ngati-ati / mring badan temennya
emut / laire kawruhana / kawisayaning ngaurip / uripira anane ing
sangkanparan//
- //
Mangkono bangsaning cahya / dene cahya bangsa napi / sayektine isbat uga /
napine pan napi jinis / pamore bangsa gaib / warnane cahya wewolu / dene
kang catur warna / pratandhanira Hyang Widhi / amobahken amosikken ing
kawula//
- //
Kumalebating kang cahya / pratandha sira antuk sih / ing Hyang Ingkang
Murbeng Alam / tanapi antuk prihatin / tuna kalawan bathi / ing kono pan
wus tinemu / tan kena tinampika / miwah tan kena pinilih / tampanana ing
nikmat lawan manpangat //
- //
Rupa kang catur warnanya / abang ireng kuning putih / iku kodrating
kanyatan / maweh senenging ngaurip / obahing bumi langit / siru’llah ing
wastanipun / marma sira den awas / marwasi ilapat jati / ana maneh kang
cahya dadi pratandha //
- //Gegolongan
dening cahya / tri warna wenes awening / sajuga jenar pratandha / lara
kapenaking dhiri / miwah raharjeng dhiri / dene putih ing warneku / meh
tinggal ingkang dunya / dene ingkang warna abrit / pratandhane elingan
sabarang karya //
- //
Prananing cahya kang nyata / iku isbat napi jinis / puniku rencananing
tyas / sring napi jamaning pati / sapisan anempeli / ingkang awas ikhlas
emut / wawasen kang waspada / angudi sampurneng pati / sedyanira dadi
kanthining Hyang Suksma //
KINANTHI
- //
Dene lakune ing suhut / suhut tegese amukhlis / mukhlis wus tan karem
dunya / tan ana rerasan malih / nora lara nora esak / tan suka datan
prihatin //
- //
Kaananing Kang Maha Gung / purba wasesaning mukhlis / Hyang Suksma
ndadekken alam / myang akarya bumi langit / isen-isene bawana / manusa
tinitah luwih //
- //
Tanpa uni tanpa wujud / ingkang wujud tanpa uni / tan arupa tan aganda /
ana ganda tanpa nami / kang wujud datanpa bawa / ana wuwus tanpa warni //
- //
Kang lungan tan nedya mantuk / kang mulih tan lunga nguni / warna-warna
titahing Hyang / sinandhang titahing Widhi / sami sinung kanikmatan /
mupangat murahing Widhi //
- //
Kabeh rusak yektinipun / tan ana langgeng sawiji / mung manusa kang
kinarya / tinitah luhur pribadi / ana rusak ana ora / uripe tan owah
gingsir //
- //
Sajati-jatine iku / Kang Murba Miseseng dasih / tunggal lawan mukhlisira /
tan ana sipat kekalih / wruha bedaning panunggal / tunggalena nala ening
//
- //
Jatine prabedanipun / mukhlis tinarimaning sih / sihing Hyang marang ing
sira / tegese panrimaneki / adhepira ing Hyang Suksma / iku sajatining
mukhlis //
- //
Ing kono prabedanipun / barang rehira atunggil / ywa sira darbe panyipta /
kuwasa wasis pribadi / den sukur lawan narima / yen pinareng sihing Widhi
//
- //
Dadine datan kalawun / kayunira kang lestari / lestari pamoring Suksma /
sinuksmanan kang patitis / murwaka purbaning karsa / karyanta tansah den
sihi //
0 komentar: