BASA
JAWA BASA KANG MERAKYAT
Basa jawa? Akeh sing
padha mangerteni, nanging akeh uga sing ora bisa ngartekake. Basa jawa iku wes
ana wiwit jaman kuna, basa jawa uga kepara dadi teli yaiku basa jawa kuna basa
jawa pertengahan lan basa jawa modern sing saiki dienggo sadina-dinane, basa
jawa kuna iku dienggo nalika jaman kerajaan-kerajaan sing kuna utawa sing tuwa,
lan basa jawa pertengahan iku di enggo wiwit jaman mataram kuna, lan basa jawa
moderen iku digunakane wiwit saka jaman bobroke mataram nganti saiki lan basa
iku, saben dinane owah miturut kang nggunakake,
Kahanan basa jawa saiki
wis rada miris merga akeh bocah sing wis ora padha mangerteni basa jawa, lan
wis ora bisa mangerteni basa iku, akeh sing padha nggunakake basa liane kaya
basa indonesia lan basa inggris, sahingga yen iku wong jawa nanging ora ngerti
basa jawa, nanging kejaba iku akeh wong-wong sing tetep ngugemi basa jawa
kasebut. Basa jawa iku basa kang endhah merga ing basa jawa iku nduweni tatacara
utawa unggah-ungguh sing di gunakake kanggo saben-saben wong lan iku beda-beda
kata dene basane wong enom kanggo wong tuwa , wong tuwa kanggo wong enom lan
basa kang digunakake kanggo sepadha-padhane, iku beda-beda lan nduweni tatacara
utawa unggah-ungguh dewe-dewe, kaya dene mbasakake kanggo awake dhewe iku ya
ora kena, kaya mengkono basa jawa unggah-ungguh lan tatacra anggone nggunakake
sanget di ugemi ing basa jawa kasebut.
Kahanan basa jawa kang
dienggo sadina-dinane iku wes kecampur karo basa-basa liane sahingga dadi mawut
ora nggenah-nggenah, sahingga basa sing saiki ketok wagu lan ora ketata ora
kaya jaman ndisik sing isih ngaggo basa jawa kanti ora ana campuran basa liane tur
saiki wes ora nggunakake udanegara ingkang trep lan pas kaya jaman ndisik,
udanegara iku perlu merga iku bisa di anggep kanggo punjering basa jawa ngkang
digunankake, mula akeh wong sing nggunakake basa jawa kanti salah kaprah lan
uga ora ngerti maksut sing di omongake. Sejatine basa jawa iku dudu basa sing
angel, basa jawa iku basa sing gampang lan basa kang endhah, basa kang alus tur
ora pencilakan, basa jawa iku apik yen di enggo sapa wae kanggo wong tuwa, wong
nom, uga cah cilik yen wes isa ngomong uga sanget sae, satemene kanggo wong
jawa ngomong basa jawa iku ora angel merga basa iku wis diwarahake wong tuwane
marang anake saka cilik, nanging wong tuwa saiki mulang anake ngomong mesti
nganggo basa Indonesia, jarene ben gaul, lan jarene basa jawa iku wis kuna, nanging
sanajan kuna, unggah-ungguh kang di trepke ing basa jawa sanget duwur, lan
endhah ora kaya basa-basa liyane.
Nalika bebrayan, akeh
wong jawa sing nggunakake basa kang liya, ora nggunakake basa jawane merga ana
alesane yaiku salah sijine dialek, nalika dolan bareng antara wong dialek
ngapak karo dialek O mesti wong dialek ngapak ora nggunakake basa jawane merga
isin nek diguyu karo wong sing dialek O sahingga wong dialek ngapak nggunakake
basa indonesia sing mesti ora bakal di guyu karo sapa wae, lan uga akh sing ora
ngerti basa jawa senajan wong jawa nanging ora ngerti basa jawa, merga kawit
cilik wis diwulang nomong nganggo basa indonesia lan uga isih akeh alesan laine
sing nggawe wong ora bisa ngomong nganggo basa jawa.
Sejatine nalika
bebrayan sanget endhah yen nggunakake basa jawa nanging merga alesan-alesan
kaya ngono iku dadi akeh sing nggunakake basa jawa, piye carane ben basa jawa
tetep diugemi marang saben wong yaiku kudu toleransi lan nyinaoni basa jawa
kanti temen, merga basa jawa iku basa kang endhah lan ora angel kanggo
disinaoni, akeh wong landa sing isa basa jawa kenangapa kok wong jawa ora isa
ngomong nganggo basa jawa?
0 komentar: