MINUMAN
KERAS ORA APIK KANGGO AWAK
Minuman keras? Mesti
wes paadha ngerti, saka bocah-bocah nom nganti sing wis tuwa mesti wes padha
krungu. Minuman keras sing dhewe ngerteni, yaiku minuman sing mbebayani kanggo
kesehatan awak, nanging kanggo wong si wis tau nyoba iku meste nduweni pendhapat
kang beda saka pendhapate wong-wong sing ora tau ngumbe, pangaggo minuman keras
sing biasane digunakake wong landa kanggo obat utawa kanggo ngngetake awak.
Nanging munuman keras saiki di ombe kanti ora nggunakake dosis utawa digunakake
segeleme dhewe, sahingga nggawe wong ora sadhar lan mabok. Wong-wong jaman
saiki rada aneh merga cara ngonsumsi alkohol iku biasane di oplos nganggo
barang narang kang ora nggenah, kaya dene nggunakake obat nyamuk lan lia-liane
sahingga bisa nggawe pengonsumsi iku kena pati.
Minuman keras saiki wes mratah ing kalangan
para pelajar sing isih remaja lan durung cukup umur kanggo ngonsumsi iku,
dheweke mung mbutuhake kesenengan, nanging kesenengan kasebut namung sedhela
lan namung nggawe masalah ing sapagarepe. Masalah kang biasa diadepi para
pengkonsumsi minuman keras yaiku, gangguan mental organik kang biasane ngowahi
perilaku, kaya nduweni perilaku kasar,
gampang nesunan sahingga nduweni masalah ana ing lingkungan. Minuman keras uga
bisa ngendhet-endheti perkembangan memori lan sel-sel otak, minuman keras uga
nggawe pembengkakan lan lan kesumpele jaringan darah ana ing otak, sahingga
nggawe gangguan ana ing otak. Kakean ngumbe minuman keras uga bisa nggawe tatu
utawa radang ing jero lambung. Biasane diakibatke merga muntah kerana minuman
keras, merga lambung kudu memompa paksa metu zat-zat adiktif kang nduweni racun
ana ing awak.
Merga kecanduan kadang
pengonsumsi mipil ngrasa sirake diantemi utawa ora tenang, sahingga kelakuane
dadi kasar karo wong-wong liya. Kanggo pengguna sing isih remaja biasane
masalah sing utama yaiku masalah ekonomi merga dheweke durung nduweni
pengasilan kaya denewong tuwa sahingga bisa ngakibatke pencurian sing dilakoni
para remaja, lan uga para remaja bisa nglakoni apa wae kanggo entuk duwit apa
maneh kanggo wanita bisa-bisa ngedol awake dhewe ben bisa tuku minuman keras
utaawa alkohol. Kanggo remaja sing isih labil bisa-bisa nglakoni apa wae sing
bentuke kriminal kaya dene gelut-gelutan, pemerkosaan, nganti paten-patenan lan
iku biasa kelakon ing kalangan remaja.
Bisa di simpulake yen
minuman keras iku pabcen ora apik kanggo awak sanajan bisa nggo ngagetake awak
nanging luwih akeh efek negatife kanggo awak, lan lingkungan sekitar, lan
kanggo para remaja generasi kang nerusake angsa saora-orane ora usah ngumbe
minuman keras, merga iku bisa ngrusak awak lan pikiran. Isih akeh umben kang
apik lan sehat kanggo badan kita.
0 komentar: