Kyai Waridin lan Kyai Kasim
Kala
jaman biyen ning daerah salerenge Gunung Sindoro, ana alas kang isih gunung
lewang-lewung. Sing katon sakiwa tengene mung suket-suket alasan kang kating
semrawut ora genah-genah. Kayu-kayu gedhe ana ing ngendi-endi. Wit pring apus
padha kating nggenteong ngetan ngulon magrong-magrong. Alas mau durung tau
kesaba wong babar blas.
Suwe saya suwe alas iku banjur ana pendhudhuke
sithik-sithik. Nanging pendhudhuke ning kana durung ngerti karo sing jenenge
agama lan liya-liyane. Sing dingerteni mung urip bebarengan guyub rukun karo
tangga teparone kabeh. Kira-kira mung sekelompok warga sing ana kana. Omah-omahe
ya egen sederhana banget. Wargane urip nyampur karo alam sekitare. Mulane uripe
ayem tentrem.
Ning
sawijining dina, ana Kyai kang teka mara alas mau. Dheweke yaiku salah
sawijining priyayi luhur utawane tokoh wali kang
pinter lan seneng ngudi ilmu.
Kyai mau teka karo garwane kang asmanipun Simbah Kyai Kasim lan Nyai Kasim. Kyai
Kasim lunga
saka daerah
kulon kali Serayu (pusate
kutha
Wonosobo), lan mlaku terus ning arah wetan nuju salerenge Gunung Sindoro sisih
kulon.
Simbah
Kyai Kasim karo para santrine utawa wong-wong pengikute. agi luru papan
kanggo umpetan saka penjajah Walanda, mula mlaku-mlaku metu
saka daerahe supayane oleh papan sing aman.
Merga jaman kuwi lagi jaman penjajahan Walanda, mula akeh wong-wong pribumi
kang dipateni lan disengsarakake marang prajurit Walanda. Miturut crita, Kyai
Kasim kuwi salah sawijine priyayi kang dadi punggawane bangsa pribumi kang nuntut
perang nglawan Walanda yaiku sadurunge ana perang Diponegoro.
Tekan
alas kang amba lan meruhi kahanan masyarakate sing isih durung
ngerti agama babar blas,
dheweke ngajak para santrine supaya mandheg ning kana. Kyai Kasim ngendika
marang para santrine, “ Papan kene sanajan saiki katone alasan gunung
lewang-lewung lan masyarakate isih sethithik, nanging takrasa aman saka
incerane para Walanda. Mula bubaken lan paculen alas iki bareng-bareng supaya
bisa kanggo kumpuling para warga kabeh. Ning
ngati-ati enggonmu padha maculi alas iki, lan sesrawungane karo masyarakat kene
kudu sing sopan supayane bisa ditrima kanthi apik. Alas iki yen dibubak lan
dirumat mengko bakale dadi papan kang ayem”.
Simbah
Kyai Kasim nduweni pamanggih yen mengko alas kang dibubak mau bakale dadi papan
kang rame wong. Papan mau uga tempate apik lan loh marga ana salerenge Gunung
Sindoro kang bakal dadi panguripan masyarakat kana. Simbah Kyai Kasim ale
mbubak desa mau ngajak salah sijine santrine yaiku Mbah Kasinah.
Mbah
Kasinah salah sijine santrine sing nurut banget karo Kyai Kasim. Saben Kyai
Kasim njaluk rembugan, mesti Mbah Kasinah sing ngenei pamanggih apik. Alas mau
banjur ditebasi kayu lan wit-witane lan dadi papan kanggo leren utawa ngaso
panjenengane lan santri-santrine. Masyarakat kana padha terbuka marang Kyai Kasim. Masyarakat sing pertama nganggoni papan mau lan para santrine Kyai
Kasim padha urip bareng-bareng lan rukun kabeh.
Marga
jaman biyen masyarakat isih bingung arep ngenei jeneng apa kang trep kanggo
desa mau, mulane masyarakat sepakat yen papan mau arep dijenengi Desa utawa
Dusun Kasiman. Tembung –kasiman- marga tokoh kang mbubak desa mau yaiku Simbah
Kyai Kasim, mulane dijenengi bae desa mau Desa Kasiman utawa Desa nggone Mbah
Kasim.
Simbah
Kyai Kasim nduweni rayi putri asmane Sari Sudriyah. Panjenengane dipek garwa
karo Kyai
Waridin. Kyai Waridin
yaiku isih salah sijine santrine Kyai Kasim, sing pinter lan
uga nduweni ilmu kanuragan kang kendel. Kyai
Waridin senajan pinter nanging ora ngunggul-unggulake kapinterane, mula Kyai
Kasim menehake anake supaya didadekake garwane Kyai Waridin. Kyai Waridin iki
sing bubak Desa
Sendangsari mengkone.
Eyang Waridin marga diutus karo bapake kanggo nerusake lakune, mula
panjenengane melu dadi kaya bapake. Saka garwane, panjenengane nduweni anak
keturunan yaiku Den Tadirja.
Simbah
Kyai Kasim marga panjenengane wali, mulane kendel mlaku-mlaku njamahi papan
kang durung tau dijamah wong liya. Sawijining dina panjenengane mlaku-mlaku ana
salore desa mau. Ning salore desa mau, panjenengane weruh ana wong kang lagi
nyiwuri banyu ning comberan. Meruhi kahanan kang kaya ngana, Simbah Kyai Kasim
supayane nulung anak putune ngembene mulane papan sing maune comberan mau dimek
nganggo tangane lan dadi tuk (sumbering banyu) kang gemeleguk gedhe akeh
banyune. Wong jaman biyen mono dhasare padha sakti-sakti mula bisa gawe apa
sing dikarepake bisa kawujudan. Iku kabeh marga saka asihing Gusti kang Makarya
Jagad. Yen ora saka tresnane marang kawulane, tekan saiki wong angel
ngurip-ngurip kahanane. Marga jaman semana prakakase ya sedherhana bae, mula
barang wis dadi tuk, para wargane le njukut banyu mau kathik siwur. Iku mau
mula masyarakat desa kana nyebut tuk mau dadi Tuk Siwuru.
Papan
kang dadi palirenan utawa papan ngasone Simbah Kyai Kasim mau ditandhani ana
watu gedhe loro ning pinggire tuk mau ( ing jaman siki papan iki wis dadi umahe
penduduk). Masyarakat desa kala jaman kuwi nggunakna watu gedhe loro kae kanggo
kareng utawa jemur bocah sepit (sunat). Sepite bocah jaman biyen kuwi supaya gelis
(cepet) mari kudu dipepe lan kareng ning watu kuwi.
Simbah
Kyai Kasim ning Desa Kasiman dianggep dadi sesepuhing desa. Mulane saka
piwelinge diugemi banget para masyarakat desane. Sawijining dina Mbah Kyayi
Kasim melingi marang mantune, yaiku Kyai Waridin. Piweling mau babagan wewadi
kang ana ing daerah kana. Wewadi mau ana kaitane karo panguripane Gunung
Sindoro lan desa-desa kang ana ing sekitare. Ya Desa Kasiman iku termasuke.
Panjenengane nyeritakake sejarahe Gunung Sindoro sing nganti saiki dadi panguripane
masyarakat kana.
Gunung
Sindoro iki nduweni anakan gunung, yaiku salah sijine kang dadi cundhuke
jenenge Gunung Kembang. Dadi cundhuke Gunung Sindoro wae gedhene sagunung yaiku
Gunung Kembang. Kembange Gunung Sindoro mau diarani kembang pudhak mula ana
kang jenenge Gunung Pudhak yaiku kang panggonane temempel karo Gunung Sindoro.
Gunung Pudhak iki yen disawang saka ngisor ora katon, nanging yen dicepaki
katon temempel ana Gunung Sindoro. Kamangka ambune kembang pudhak mau wangi
arum utawa merik arum dadi dijenengi Gunung Arum. Mula sakompleks Gunung
Sindoro kuwi ana maneka gunung kang dadi bagian kanggo nglengkapi Gunung
Sindoro yaiku, Gunung Kembang, Gunung Pudhak, Gunung Arum lan terakhir Gunung
Kekeb utawa gunung kang nutupi kabeh gunung-gunung mau.
Gunung-gunung
mau sanyatane papan sumbering panguripan kanggo masyarakat sekitare. Yen
sumbering panguripan mau direrusak, lan digawe kang ora bener mengko bakale
kala bendu muncul lan ngganggu kahanane masyarakat kang maune ayem tentrem dadi
ribut. Iku mau wewadine Gunung Sindoro.
Wewadine
Gunung Sindoro iku mau kang jaman biyen dadi gawe reribut lan prahara, yaiku nalikane
anakan Gunung Sindoro sing
jenenge Gunung Kekeb iku aja nganti
dibubak nganti asal-asalan, apa maning nganti dibubak maring wong kang ora
tanggung jawab. Marga yen iku kedadean, Gunung Kekeb mau kang tujuane kanggo nutupi sakabehane
kalabendu sing ana ing Gunung Sindoro lan sekitare, bakale ama-ama penyakit
tanduran padha nyerang ing sawah lan tandurane masyarakat, keamanan turut alas
lan desa keganggu.
Ngerti wewadi sing kaya ngana, Kyai Waridin banget ale
ngati-ati lan wanti-wanti marang masyarakat desa kabeh. Saben taune masyarakat ing kana
saya akeh. Masyarakat mau makarya dadi tani nggarapi alas kang ana kana.
Penguripan ing jaman biyen isih asri lan teratur. Ora ana sing padha kekurangan
sandhang pangan. Ora tau ana masalah hama wereng kang ngganggu tandurane
masyarakat. Kala jaman semana ayem tentrem.
Nanging sawijining dina teka prakara kang dadi
reribute warga. Barang jenenge wong akeh, ana kelompok wong sing mung mikirke
senenge dhewek. Wong-wong mau padha negorri kayu-kayu gedhe sing ana ing Gunung
Kekeb ora nganggo aturan. Ana maning, suket-suket sing ning kana padha diobongi
supaya bisa didadekake lahan kanggo nandur kuban (sayuran) lan liya-liyane.
Dadi kahanan alame ora genah-genah. Suket-suket gununge padha kobong kabeh.
Saka kedadeyan mau, ora ngerti-ngerti tikus sing maune padha umpetan lan ora
wani ngaton karo manungsa, padha metu mbrahewu-ewu ana ing alas-alase pendhudhuk.
Kahanane wong sing maune bener dadi ora bener margane dibukak sakabehane.
Sawise
kalabendu mau teka, jaman kuwi perang saya ndadra. Walanda sansaya kuat nggenjet
pribumi wong Wonosobo. Kyai Kasim kang melu pasukan perang Soedirman, melu
tindakan nyusun strategi karo para sepuh paguyuban desa-desa liya. Ning
sangisore Desa Kasiman, ana desa liya kang jenenge Desa Gemblengan.Desa
Gemblengan kang disepuhi dening Simbah Kyai Gembleng. Wong loro kuwi
bareng-bareng karo pemuka desa salerenge Gunung Sindoro nyerang pasukan
Walanda. Wektu iku, Walanda arep ngebom Desa Kasiman sekitare nganggo meriam.
Nanging saking kuwasanipun Gusti, meriam mau sasarane melenceng namung tekan
kulon Desa Gemblengan.
Desa
Kasiman ing wektu kuwi uga lagi gawe tempat ngaji lan langgar(mushola). Simbah
Kyai Kasim sing dadi pemrakarsane. Nanging barang dirasa Kyai Waridin kaya
luwih tanggap, lan saya pinter anggone merguru mula dikon nggantekna
panjenengane. Jaman iku, para sesepuh gawe langgar supayane bisa kanggo
sembahyang lan kumpul paguyuban. Urun rembug babagan desa lan kahanan numpes
Walanda. Kyai Kasim lan Kyai Waridin rembugan karo santrine, supayane para
santrine bisa tansah waspada karo kahanan sing tambah ora genah iki.
Simbah
Kyai Kasim ora dingerteni sapa-sapa ningdi pasareane kang satemene. Sebab
penjenengane marga wali mulane sawise mbubak Desa Kasiman pindhah lan mbubak
desa liyane maning dadi amung keliling jagad. Kaya Desa Dhawuan kang ana
sapinggire Desa Kasiman mung kaletan kali lan pategalan, ning kana merga
panjenengane ndhawuhi wong-wong ning kana, mula diarani Desa Dhawuhan,
kayangana sateruse. Mung sing dadi papan ziarahe wong saiki yaiku salah sijine
ana ing sarean Desa Kasiman sing jasade Simbah Kyai Kasim dimakamke biyen,
sacedake makame Mbah Kasinah kang ngerti utawa menangi jamane mbubak Desa
Kasiman biyen. Mula Mbah Kasinah dianggep sesepuh desa sing melu mbubak desa
uga. Mung saka crita kang sumebar, durung ana sek ngerti sejatine makame Simbah
Kyai Kasim kang sabenerre.
Kala
jamane Kyai
Waridin, santrine Kyayi Waridin sing
jenenge Sawijaya nemukake ana papan alas kang subur lan akeh banyune. Alas mau
yen didadekake papan pemukiman bakale apik lan
cocok kanggo ngudi ilmu uga. Mula
Sawijaya matur karo Kyai
Waridin. Kyai
Waridin ngerteni kabar mau langsung ngajak Sawijaya ana ing papan mau.
Kyai
Waridin lunga
saka Desa Kasiman menyang desa anyar mau. Desa Kasiman diserahake marang
santrine dhewe dhisik
supaya dadi pimpinan ana kana nggantekake dheweke. Kyai
Waridin banjur njenengi papan mau yaiku “Dusun Kaputihan” kang tegese desa kang
putih-resik, marga desa mau akeh sumbering banyu kang kanggo panguripan
masyarakat kana, utawa bisa diartekke banyu iku suci lan resik. Marga saka
kondhange akeh sumber banyu ning kana, masyarakat uga ngarani dadi “Dusun Kondhangsari”
utawa desa kang kondhang banget.
Kyai Waridin
nalika lagi mlaku-mlaku ana sapinggire desa, nemukake tuk ning sakulone desa
sisih kidul. Ning tuk mau ana sejenis suket sing jenenge “wilada”. Wilada iki
tanduran kaya wit awar-awar nanging wite rada abang warnane, lan uga wite kaya
ringin gedhe dhuwur ngayomi kang ana ing sangisore. Mulane Desa Kondhangsari
banjur disebut “Dusun Wiladabanyu”. Miturut crita, Wiladabanyu iki nduweni
teges “Kaebegan Toya” utawa “Kakehan Banyu”. Utawa bisa uga tegesse desa kang
akeh sumber banyune. Iku kabeh nyata mergane ana ing kana akeh sumbering banyu
, kaya ta Tuk Sewu,Tuk Sikendhil, Tuk Sikembang, Tuk Gomblangan. Tuk-tuk iku
mau mapan ana ing kali kang diarani Kali Gondhang.
Kali
Gondhang iki sumbering banyu kang paling gedhe lan uga banter iline. Mulane
warga masyarakat nggunakake banyu Kali Gondhang kanggo sumbering panguripan.
Kaya ngileni sawah-sawah ing sekitare Desa Wiladabanyu. Kanthi anane Kali
Gondhang mau kang banyune manfaati kanggo warga dhusun, mulane dhusun mau
banjur dijenengi “Dusuun Sendangsari “ kang tegese “sumber sarining urip”. Kali
Gondhang kang dadi sumbering panguripan ing Desa Sendangsari, didadekake lahan
pendhudhuk kanggo makarya. Masyarakat makarya dadi tani.
Saka
panemune Kyai Waridin
iku kang bisa njenengi Desa Sendangsari, panjenengane diwenehi asma saka para
pendhudhuk yaiku “Ingkang Cikal Bakal Dusun” utawa wong kang jejer
panggulawenthah, pamomong, saha pangayoming dhusun Sendangsari. Mula sawise kuwi, Kyai Waridin uga dipanggil Eyang Waridin karo warga
Desa Sendangsari. Saliyane
Eyang Waridin, sesepuh kang uga mbiyantu bubake Desa Sendangsari yaiku Eyang
Gathul, Eyang Sayid Iman, lan Eyang Nursidik. Tetigane kondhang ing masyarakat
desa yaiku dadi “Tri Saka”. Tri Saka iku nduweni teges “ tetigane kang karya
dadi adeg-adeg kekuwatane dusun”.
Tri
Saka iku kala jaman biyen ning Desa Sendangsari ana kalabendu, wong telu mau
kang dadi kekuwatane masyarakat. Tetanduran penduduk padha mati, marga dipangan
ama wereng. Sawah-sawah padha asad marga tuk kang dadi sumber banyune pada ora
ana banyune. Padhahal wis jelas yen Desa Sendangsari iku akeh tukke. Seliyane
kuwi, pendhudhuk padha kurang tentrem uripe marga garong utawa perampok lan
tukang ngutil akeh mlebu ning Desa Sendangsari. Tri Saka kanthi cara kang becik
mulai mbrantas kalabendu mau. Marga masyarakat ing Desa Sendangsari senajan
wong kang duwe agama uga isih percaya karo adat istiadat saka leluhur, mula Tri
Saka gawe ritual ana ing Kali Gondhang kang tujuane supaya Desa Sendangsari
kala jaman semana diadohake saka bilahine, lan supaya padha sehat waras slamet.
Tri
Saka iki sawise nilar donya dimakamke ana ing Makam Gondhang kang letakke ana
ing njaba Desa Sendangsari. Tujuwane telu-telune dimakamke sacedhake marga
supayane menehi tenger kanggo masyarakat ing mangsa kang anyar, supaya ngerti
yen sesepuh kang bubak Desa biyen iku ana tandha jasane iki bebarengan. Kanthi
kaya mangkana, makam mau ditengeri utawa ditandhani nganggo telu wit pinus sing
wis atusan taun ning makam Gondhang.
Nalika
Perang Diponegoro kedadeyan, para tokoh masyarakat melu maju perang lan ngatur
strategi para wargane. Den Tadirja didadekake pemimpin Desa Sendangsari. Eyang
Waridin senajan wis sepuh, nanging tetep melu perang kanggo numpes penjajah
Walanda kang gawe sengsara rakyat Indonesia, mligine masyarakat Wonosobo lan
sekitare. Den Tadirja melu dadi prajurit perange Pangeran Diponegoro ana ing
Kutha Tegalrejo. Dene Eyang Waridin kang ana ing daerah Kedu, Temanggung. Saka
perang mau Eyang Waridin teka wanci ajale. Panjenenganne nilar donya ning
perang mau. Mula panjenengane dimakamke ana ing Taman Makam Pahlawan Wonosobo
sing letakke ana ing Desa Mendhala,Wonosobo. Para pendhudhuk sing melu perang
prajurit Diponegoro akeh kang padha menang. Walanda digempur mundur saka daerah
Karesidenan Kedu, yaiku Temanggung, Wonosobo, Tegalrejo lan liya-liyane.
Masyarakat
desa kanggo ngingeti perjuangane Eyang Waridin, saben taune nganakake slametan
desa ing Kali Gondhang. Tujuan utamane yaiku supaya pendhudhuk Desa Sendangsari
adoh saka kalabendu lan prakara kang gawe reribute desa sirna lan ilang.
Slametan desa dilakoni tiap sasi Sura. Yaiku malem tanggal siji Sura.
Saka
nilare Eyang Waridin mau, Den Tadirja dadi sesepuh nggantekake bapake.
Panjenengane anggarwa putrinipun Eyang Sayid Iman kang asmane Sekar Arum utawa
Ni Dasih. Saka garwane mau panjenengane gadhah rayi loro yaiku Sastro Atmaja
(Eyang Tepo) lan Ni Siswaya. Saka rayine loro mau tedhak turune sing dadi
lurah.
Saka
lurah sing angka telu yaiku Lurah Atmo Wijaya panjenenganipun kang nyetusake
ritual Undhuh-undhuhan lan Merdi Dusun yaiku saka taun 1960an. Maksud lan
tujuwane supaya nyuwun berkah lan nyuwun budi pekerti kang sae, lan ugi raos
syukur dhateng Gusti kang Maha Kuwasa ana ing sadina-dina makarya. Saka kuwi,
mulai ana kesenian Naga utawa Liyongan kang ngemu teges nunjukake raos
wani ing dalan kang sae lan bener, Lengger yaiku saka tembung Leng utawa
Eling lan Ngger utawa ndhuk le, utawa ngemu teges elinga marang kang gawe urip,
lan isih ana kesenian tradisional liyane kang dadi cirri khase masyarakat Desa
Sendangsari saka taun mau nganti saiki.
0 komentar: