PARA PAWESTRI PEJUWANG DENING SUPARTO BRATA
Judul : Para Pawestri
Pejuwang
Penyerat : Suparto Brata
Penerbit : Elmatera
Taun terbit : 2013
Jumlah halaman : 196 Halaman
Ing gedhung DPR para mahasiswa lagi padha demo lan nang kana ana para
wartawan saka ngendi-ngendi wae, pas wartawan iku nyedhak wong-wong sing padha
demo banjur wawancara karo para pedhemo mau, nanging para pedhemo mau ngomong
yen sing entuk ngomong iku pemimpine, lan ora suwe mgenteni pemimpine teka lan
di wawancarani, nanging apa sing diwawancarani iku palah kangmase dhewe,
nanging ora apa kangmase diwawancarani nanging ora suwe banjur sing wawancara
iku lunga, terus Adreng ngomong karo adhine yen dheweke iku ora bali, merga
nginep nag gedhong DPR.
Wara Pramesthi sing dadi
pegawenepabrik boneka Pretty Girls
metu saka kantore lan mlebu menyang BMWne
nyopir lan langsung lunga karo kancane nang sedawane dalan ngrembug
babagan pegawe anyar sing bakal nguripake pabrike mau, nanging waratinah
bingung lan nang dalan omonagnekepedhot amarga kancane arep menyang apartemene
tujuwane arep njupuk barange kancane iku. Wong loro mau iku metu saka apartemen
banjur lunga menyang bandhara, nang sedawane dalan Wara Pramesthi nyetel radio
sing nyiarake babagan demonstrasi sing ana ing gedhong DPR, lan wong loro mau
padha ndongeng. Satekane tekan bandhara, kancane waratinah langsung mlebu menyang pesawat sing
tumuju menyang hongkong, lan waratinah kelingan pas ana nang apartemen mau
sahingga gawe atine Wara Pramesthi gela, Wara Pramesthi ambegan rada dawa
banjur mlebu menyang BMWne lan lunga.
Ing wektu iku
Ngestiratu bali numpak ojek tekan ngomahe, tekan ngarep pager dheweke
ngetokkake kunci banjur mbukak lawang lan bablas mlebu menyang omahe, nang onah
iku keluwargame padha mandhiri-mandhiri, yen tanpa pembantu wis isa pahal
dhewe-dhewe, nanging ya tetep ana pembantine loro sing wis suwe ana ing omah
kono, pas Ngestiratu mlebu menyang omahe langsung di takoni karo wong tuwane,
merga baline suwe, nanging Ngestiratu ngomong yen dheweke bubar wawancarani
wong-wong sing demo ana ing gedhong DPR iku, lan Ngestiratu langsung mbablas
menyang pawon kanggo nggolek panganan.
Dina isuke, wayah isuk-isuk keluwarga Pak Budi Prabawa
udreg merga ngomongake Bathari Prastiti. Merga Pak Budi arep lunga nyang Singapur
karo Bathari iku mau, tujuwane mung kanggo finishing
proyeke. Merga Bhatari iku mau di anggep ora pener lan Garwane Pak Budi mau iku
ngerti merga Bathari iku kanca SMAne mbiyen sing seneng nggolek duwit nganggo
apa wae sing penting bisa dadi duwit ya sanajan ngedol awake dhewe. Sahingga
pas lagi sarapan bareng sing kaya biyasane, ing kono padha sarapan nanging
Adreng ora melu sarapan merga dhweke ora nag ngumah, Pak Budi ngrampungake
sarapane banjur lunga pamitan karo garwane, nanging garwane mau ora gelem
nyemauri kaya ana masalah, lan sawise Pak Budi lunga banjur Wara ndhorong kursi
rodane Ibune menyang kamare lan takon Ibune, lan Ibune kon crita ne kana
masalah, banjur Ibune crita yen ana masalah babagan Bathari Prastiti sing dadi
mitrane Pak Budi iku mau.
Ing ruwang makan Nestiratu njalok dhuwit karo eyange
tujuwane kanggo mbayari anggone kancane nyetak Novel basa Jawa, nanging eyange
ora gelem maringi merga jarene iku mung ngguwak-ngguwak dhuwit tok, ora bisa
mbalek modhal lan mung ngentek-entekake dhuwit, nanging Ngesthiratu tetep maksa
eyange kanggo menehi dhuwit ngasi eyange judheg lan lunga saka ngarepane
Ngesthiratu. Sawise Eyange metu Ngesthiratu arep diajak Wara menyang Surabaya,
lan Ngesthiratu nyanggupi merga pancen Ngesthiratu lagi libur anggone sekolah
lan lagi ora ana gaweyan, nang kono Ngestiratu ngrewangi pembantune
beres-beres. Bar iku Ngesthiratu mangkat seminar nyusul mbakyune.
Sesuke ngesthiratu budhal saka ngumah bareng mbakyune
nyang semarang, nang kana Ngesthiratu gumun marang mbakyune olehe makaryane
iku. ing panggonan liya kancane Adreng mara menyang omahe adreng tujuwane
kanggo menehi ngerti yen si Adreng iku di tungkep pulisi. Banjur eyange mara
menyang kantor pulisi kanggo ngurus si Adreng iku mau.
Wara lan Ngesthiratu melbu menyang Konperensi Pres
Property Mahkota Raya lan weruh Bathari
Satiti nang kono Wara Pramesthi kaget merga sing di omongake ibune iku saiki
nang ngarepe, Wara banjur nyedhaki lan kenalan nanging Wara ngaturae dheweke
saka pabrik boneka pretty girls lan nang
kono padha dongengan, nang panggonan liyan si adreng di culke saka kantor
pulisi marang ibune, lan nang dalan si Adreng di wejang marang ibune.
Sorene Ngestiratu di ajak marang wartawan TVPS menyang
ruwangan sing kanggo konperensi nang kana Ngesthiratu weruh bapake lagi bareng karo
Batari Satiti, ngesthiratu nduga yen bapake iku mesti lagi selingkuh, demen
karo wong wadon liya, nanging ngesthiratu ora ngomong karo keluwargane , merga
nek di omongake wong sak umah padha geger bakal ngrusak citrane dadi wong
pejuwang.
Pirang taun sak bare iku, wong sak omah padha lunga
mung kari eyange lan ibune, eyange mau saben dina maca Koran merga wis dadi
kabyasan bubar sarapan methi ngono, Koran di waca siji-siji nganti mbukak Koran
sing kepindho banjur eyange kaget lan ngundang mantune, nangi sadurunge mantune
teka eyange wis mara lan ngomong yen Pak Budi iku nylewengake dhuwit miliyaran,
lan eyange mau semaput, banjur digawa meng rumahsakit lan anak-anake di undang
menyang rumah sakit.
Pirang minggu bar iku eyange seda, lan Pak Budi di
ukum, nanging Ngestiratu tetep semangat anggone glek gaweyan nganti gawe kakang
lan mbakyun meri tur nggawe mase semangat anggone nglawan lumpuhe lan kepingin
urip normal kaya biyasane maneh.
Ing cerita novel mau pancen ana romane nanging ora
ketara banget merga akeh pacelathon-pacelathon sing mbangun karaktere sing maca
lan bisa uga kanggo penyemangat merga akeh tembung-tembung sing apik kanggo
mbangun karakter.
Ing novel iki dipara dadi 34 bab lan ing saben bab iku ceritane di selang
seling merga ana ceritane wong loro utawa telu sing di barengake, nangi di
bedakake ing pirang pirang panggonan lan, merga iku digawe pirang pirang baba.
Cerita iki isine masalah demo sing di lakono marang
adreng merga deweke ngrasa keturunane pejuwang, lan masalah ekonomo, politik
sing ana ing Indonesia lan liya liyane sing nyangkut masalah Indonesia iku. Lan ing novel iki pancen akeh akehe ngrembag
masalah budi pekerti, udanegara, tata krama, lan liya liyane sing mbangun
akhlake dhewe.
Nang novel iki uga sing dadi pemeran utamane uga wong
wadon, merga saiki wes jamane wongwadon isa nang ngarep ora mung wong lanang
sing nang ngarep, merga saiki wes jamane emansipasi, sing jarene wong lanang
karo wong wadon padha wae.
Ing penokohane Ngesthiratu iku dadi wanita sing pancen
kuwat kaya mbakyune lan pancen kanggobocah iki criwis nak ngomong sepisan ora
bisa di pedhot ngecriwis wae, Ngesthiratu paling seneng kao bahasa jawa, mula
sebab iju ngestiratu mengin pas kuliyah mlebu menyang sastra. Merga kepingin ndandani
kasusastrane manungsa.
Nanging novel iki tak kira aku rada ora mudheng, merga
gonta ganti papan wae, dadi ngawe wong bingung, tur maneh karo pemahamane aku
kurang mangrteni.
Unknown | 9 Februari 2022 pukul 22.36
Apakah novel ini cocok untuk dikaji Feminisme nya?