synopsis novel para pawestri pejuwang


PARA PAWESTRI PEJUWANG DENING SUPARTO BRATA

Judul                           : Para Pawestri Pejuwang
Penyerat                      : Suparto Brata
Penerbit                       : Elmatera
Taun terbit                   : 2013
Jumlah halaman           : 196 Halaman

Ing gedhung DPR para mahasiswa lagi padha demo lan nang kana ana para wartawan saka ngendi-ngendi wae, pas wartawan iku nyedhak wong-wong sing padha demo banjur wawancara karo para pedhemo mau, nanging para pedhemo mau ngomong yen sing entuk ngomong iku pemimpine, lan ora suwe mgenteni pemimpine teka lan di wawancarani, nanging apa sing diwawancarani iku palah kangmase dhewe, nanging ora apa kangmase diwawancarani nanging ora suwe banjur sing wawancara iku lunga, terus Adreng ngomong karo adhine yen dheweke iku ora bali, merga nginep nag gedhong DPR.
            Wara Pramesthi sing dadi pegawenepabrik boneka Pretty Girls metu saka kantore lan mlebu menyang BMWne  nyopir lan langsung lunga karo kancane nang sedawane dalan ngrembug babagan pegawe anyar sing bakal nguripake pabrike mau, nanging waratinah bingung lan nang dalan omonagnekepedhot amarga kancane arep menyang apartemene tujuwane arep njupuk barange kancane iku. Wong loro mau iku metu saka apartemen banjur lunga menyang bandhara, nang sedawane dalan Wara Pramesthi nyetel radio sing nyiarake babagan demonstrasi sing ana ing gedhong DPR, lan wong loro mau padha ndongeng. Satekane tekan bandhara, kancane  waratinah langsung mlebu menyang pesawat sing tumuju menyang hongkong, lan waratinah kelingan pas ana nang apartemen mau sahingga gawe atine Wara Pramesthi gela, Wara Pramesthi ambegan rada dawa banjur mlebu menyang BMWne lan lunga.
            Ing wektu iku Ngestiratu bali numpak ojek tekan ngomahe, tekan ngarep pager dheweke ngetokkake kunci banjur mbukak lawang lan bablas mlebu menyang omahe, nang onah iku keluwargame padha mandhiri-mandhiri, yen tanpa pembantu wis isa pahal dhewe-dhewe, nanging ya tetep ana pembantine loro sing wis suwe ana ing omah kono, pas Ngestiratu mlebu menyang omahe langsung di takoni karo wong tuwane, merga baline suwe, nanging Ngestiratu ngomong yen dheweke bubar wawancarani wong-wong sing demo ana ing gedhong DPR iku, lan Ngestiratu langsung mbablas menyang pawon kanggo nggolek panganan.
Dina isuke, wayah isuk-isuk keluwarga Pak Budi Prabawa udreg merga ngomongake Bathari Prastiti. Merga Pak Budi arep lunga nyang Singapur karo Bathari iku mau, tujuwane mung kanggo finishing proyeke. Merga Bhatari iku mau di anggep ora pener lan Garwane Pak Budi mau iku ngerti merga Bathari iku kanca SMAne mbiyen sing seneng nggolek duwit nganggo apa wae sing penting bisa dadi duwit ya sanajan ngedol awake dhewe. Sahingga pas lagi sarapan bareng sing kaya biyasane, ing kono padha sarapan nanging Adreng ora melu sarapan merga dhweke ora nag ngumah, Pak Budi ngrampungake sarapane banjur lunga pamitan karo garwane, nanging garwane mau ora gelem nyemauri kaya ana masalah, lan sawise Pak Budi lunga banjur Wara ndhorong kursi rodane Ibune menyang kamare lan takon Ibune, lan Ibune kon crita ne kana masalah, banjur Ibune crita yen ana masalah babagan Bathari Prastiti sing dadi mitrane Pak Budi iku mau.
Ing ruwang makan Nestiratu njalok dhuwit karo eyange tujuwane kanggo mbayari anggone kancane nyetak Novel basa Jawa, nanging eyange ora gelem maringi merga jarene iku mung ngguwak-ngguwak dhuwit tok, ora bisa mbalek modhal lan mung ngentek-entekake dhuwit, nanging Ngesthiratu tetep maksa eyange kanggo menehi dhuwit ngasi eyange judheg lan lunga saka ngarepane Ngesthiratu. Sawise Eyange metu Ngesthiratu arep diajak Wara menyang Surabaya, lan Ngesthiratu nyanggupi merga pancen Ngesthiratu lagi libur anggone sekolah lan lagi ora ana gaweyan, nang kono Ngestiratu ngrewangi pembantune beres-beres. Bar iku Ngesthiratu mangkat seminar nyusul mbakyune.
Sesuke ngesthiratu budhal saka ngumah bareng mbakyune nyang semarang, nang kana Ngesthiratu gumun marang mbakyune olehe makaryane iku. ing panggonan liya kancane Adreng mara menyang omahe adreng tujuwane kanggo menehi ngerti yen si Adreng iku di tungkep pulisi. Banjur eyange mara menyang kantor pulisi kanggo ngurus si Adreng iku mau.
Wara lan Ngesthiratu melbu menyang Konperensi Pres Property  Mahkota Raya lan weruh Bathari Satiti nang kono Wara Pramesthi kaget merga sing di omongake ibune iku saiki nang ngarepe, Wara banjur nyedhaki lan kenalan nanging Wara ngaturae dheweke saka pabrik boneka pretty girls lan nang kono padha dongengan, nang panggonan liyan si adreng di culke saka kantor pulisi marang ibune, lan nang dalan si Adreng di wejang marang ibune.
Sorene Ngestiratu di ajak marang wartawan TVPS menyang ruwangan sing kanggo konperensi nang kana Ngesthiratu weruh bapake lagi bareng karo Batari Satiti, ngesthiratu nduga yen bapake iku mesti lagi selingkuh, demen karo wong wadon liya, nanging ngesthiratu ora ngomong karo keluwargane , merga nek di omongake wong sak umah padha geger bakal ngrusak citrane dadi wong pejuwang.
Pirang taun sak bare iku, wong sak omah padha lunga mung kari eyange lan ibune, eyange mau saben dina maca Koran merga wis dadi kabyasan bubar sarapan methi ngono, Koran di waca siji-siji nganti mbukak Koran sing kepindho banjur eyange kaget lan ngundang mantune, nangi sadurunge mantune teka eyange wis mara lan ngomong yen Pak Budi iku nylewengake dhuwit miliyaran, lan eyange mau semaput, banjur digawa meng rumahsakit lan anak-anake di undang menyang rumah sakit.
Pirang minggu bar iku eyange seda, lan Pak Budi di ukum, nanging Ngestiratu tetep semangat anggone glek gaweyan nganti gawe kakang lan mbakyun meri tur nggawe mase semangat anggone nglawan lumpuhe lan kepingin urip normal kaya biyasane maneh.

Ing cerita novel mau pancen ana romane nanging ora ketara banget merga akeh pacelathon-pacelathon sing mbangun karaktere sing maca lan bisa uga kanggo penyemangat merga akeh tembung-tembung sing apik kanggo mbangun karakter.

Ing novel iki dipara dadi 34 bab lan ing saben bab iku ceritane di selang seling merga ana ceritane wong loro utawa telu sing di barengake, nangi di bedakake ing pirang pirang panggonan lan, merga iku digawe pirang pirang baba.
Cerita iki isine masalah demo sing di lakono marang adreng merga deweke ngrasa keturunane pejuwang, lan masalah ekonomo, politik sing ana ing Indonesia lan liya liyane sing nyangkut masalah Indonesia iku.  Lan ing novel iki pancen akeh akehe ngrembag masalah budi pekerti, udanegara, tata krama, lan liya liyane sing mbangun akhlake dhewe.
Nang novel iki uga sing dadi pemeran utamane uga wong wadon, merga saiki wes jamane wongwadon isa nang ngarep ora mung wong lanang sing nang ngarep, merga saiki wes jamane emansipasi, sing jarene wong lanang karo wong wadon padha wae.
Ing penokohane Ngesthiratu iku dadi wanita sing pancen kuwat kaya mbakyune lan pancen kanggobocah iki criwis nak ngomong sepisan ora bisa di pedhot ngecriwis wae, Ngesthiratu paling seneng kao bahasa jawa, mula sebab iju ngestiratu mengin pas kuliyah mlebu menyang sastra. Merga kepingin ndandani kasusastrane manungsa.
Nanging novel iki tak kira aku rada ora mudheng, merga gonta ganti papan wae, dadi ngawe wong bingung, tur maneh karo pemahamane aku kurang mangrteni.

1 komentar:

Posting Komentar

[ Vistory ]

Blogger templates