synopsis novel

TRETES TINTRIM DENING SUPARTO BRATA

Judul : Tretes Tintrim
Penyerat : Suparto Brata
Penerbit : Narasi
Taun terbit : 2009
Jumlah halaman : 148 halaman

Sawijining dina ana wong sing kerampogan asmane Pak Kuswahartaka, panjenengane njaluk tulung karo Detektip Handhaka, Detektip Handhaka di kon sowan menyang omahe Pak Kuswahartaka, nanging pas ana ing ngarep omahe iku sepi lan pas arep melbu menyang omahe Detektip Handhaka di todhong karo wong sing ora genah, terus ngakon Detektip Handhaka blaka jenenge sapa la nana perlu apa menyang oah iku, Detektip Handhaka blaka terus ngomong yen panjenengane asmane Handhaka wong sing nodhong mau kaget langsung wae njaluk ngapura dakkira wong sing arep ngrampog maneh, banjur Pak Kuswahartaka metu lan ngomong yen deweke bar di rampog, lan njaluk tulung karo Detektip Handhaka kon ngurus kadurjanan iku.
Let pirangdina ana Pulisi sing di kongkon karo Pak Kuswahartaka menyang hotel sing jarene mau ana durjananane iku, pulisi mau tekan hotel iku isih isuk lan sawise iku ana wong wadon sing ayu jenenge Waratinah, Waratiah mau melbu menyang ngarep hotel arep pesen kamar, lan sing duweni kamar hotel mau bingung merga wong wadon mau dewekan ora ana kancane, nanging ngomong yen jarene mengko sore masse arep mrene sing jarene saiki lagi rapat.
Waratinah melbu menyang kamar banjur ora suwe metu maneh lan ngajak tamu hotel kono sing jenenge Muchtarum nggolekki telpon tujuwanne kanggo ngabari kangmase sing lagi rapat yen Waratinah wis entuk kamar hotel, sawise ngono Waratinah banjur ngajak Muchtarum mlaku-mlaku karo ndeleng ndeleng pemandhangan sing ana ing kono, nanging pas lagi mlaku-mlaku anan Pulisi sing nginthili Waratinah lan Muchtarum.
Ing sajronong dalan Waratinah lan Muchtarum mlaku renteng-renteng, lan sawise tekan nggon sing apik Waratinah lan Muchtarum leren ana ing kono lan pulisi pulisi iku uga milu ana ing kono nanging Waratinah ora ngerti yen Pulisi mau nginthili.
Ora suwe ana ing panggonan kono Waratinah lan Muchtarum lunga bali menyang hotel sing mau, nang hotel mau ana inspektur Suradenta sing lagi linggih anan ing ngarepan lan waratinag takon karo inspektur mau apa panjenengane weruh ana sekuter sing di kirimke, nanging inspektur mau durung ngasi mangsuli ana wong sing lagi metu karo ndorong sekutere mau, terus wae Waratinah njaluk sekutere maul an di tinggalke ana ing ngarep garasi sing cedhak karo hotele, Waratinah banjur adus lan melbu menyang kamare, ora suwe mlebu menyang kamare banjur Waratinah metu lan manasi sekutere banjur dheweke lunga menyang ngisor.  
Nanging Pulisi mau tetep ana sing nginthili menyang ngisor, tekan ngarep omah Waratinah maenggok mlebu menyang omah iku, banjur pulisine mau mung ana nang pinggir dalan karo ngawasi tingkahe Waratinah sing anan nang omah iku, Waratinah ngomong rada suwe banjur Waratinah metu nggolekki panganan merga wis awan lan weteng uga wis krasa ngeleh, Waratinah lunga lan Pulisi mau tetep nginthili lan tekan warung mangan Waratinah mlebu, manging pulisi mau mbablas wae lan mbalik maneh kan mbablas menyang kantor Pulisi sing cedhak ana ing kono.
Ora suwe Waratinah mbalik maneh lan Pulisi mau nginthili tumekane menyang ngarep umah iku Waratinah mlebu lan ngajak mlebu tukang kebone, bar iku langsung metu maneh lan mbablas menyang hotele mau, nanging pulisine mau ora langsung mbablas, nanging marani wong lanang mau lan takon apa sing wis dilakoni Waratinah anan ing njero omah, lan wong sing ditakoni mau banjur mlebu menyang omah lan njupuk surat banjur di wenehake karo pulisine, pulisine mbukak surat mau banjur diwaca lank get banjur lunga mbablas menyang hotel maune.
Ing hotel mau waratnah mlebu menyang kamare detektip Gambira lan ngladhah kamare banjur mbukak lawang lemarine lan nemu ana buku lan kertu anggota Detektip mau sing ana photon, nanging durung ngasi metu Waratinah wis kepregokkaro Gambira lan di tibakake menyang kasue lan di tindhihi karo awake Gambira, Waratinah tetep nglwan lan bisa ucul saka tindhihane si Gambira banjur lunga.
Waratinah banjur ketemu kro Muchtarum sing katone kaya lagi lara lan ditulungi karo Waratinah sing pancen wis cedhak karo dheweke, Muchtarum di tulungi banjur di gawa mlebu menyang kamare Muchtarum lan dikon turu ana ing kamare, sakwise iku Waratinah metu liwat jendelane lan mbablas menyang gowa sing ana ing cedhakehotel iku karo mlayu wae, nanging nang dalan nabrak wong sing lagi liwat mung ngomong sorry lan dheweke langsung mbablas wae.
Tekan ngarep gowa Waratinah mangu-mangu arep mlebu apa ora nanging wis teteg pikirane banjur waratinag mlebu nanging nang jero peteng ndhedhet, Waratinah nguripke koreke lan weruh ana wong sing ngadek sendhean tembok gowa, nanging ora obah-obah,terus dicedhaki banjur wong mau ngrubuhi awake Waratinah lan Waratinah kaget banjur ana wong sing mlebu menyang gowa iku banjur panjenengane myekel Waratinah, Waratinah njerit lan ora bisa apa-apa, langsung padha metu lan bali menyang hotel mau.
Nang hotel Muchtarum wis ditodhong karo Gambra nganggo piso glathi, lan gambira ngaku yen asline panjenengne iku jenenge Darmala sing arep mjaluk duwite, nanging wes kasep amerga wis ana pulisi lan saiki arep mateni Muchtarum banjur lunga, nanging durungasi mateni, lampu diuripake karo Detektip Handhaka lan ngacungake pistol marang Darmala, lan Darmala wis ora bisa apa-apa.
Darmala lan Muchtarum di gawa menyang ruwangan sing rada amba karo Waratinah lan para pulisi mau, kabeh ditakoni karo Detektp Handhaka, la padha ngomong siji-siji, sawise genah yen sing diluru iku Darmala sing ana ing ngarepe banjur Detektip Handhaka ngongkon pulisi mau kanggonelpon pulisi daerah hotel kono, pulisi teka lan Darmala isa kecekel.

***

Novel iki kepara dadi 11 bab lan ana 11 tokoh sing nang jerone sing nduweni karakter dhewe-dhewe, ana sing jahat, ana sing apik, ana sing pinter la nana ing wanen.
Seka crita mau iku Detektip Handhaka kaya-kaya dadi dalang sing nglakokake Waratinah sing kaya wayange nganti apik lan ora ana sing ngerti merga sangking apike lan kepinterane dhalange anggone nglakokake wayange. 
Novel iki pancen nyenengake di waca, merga seka setting tempat sing nak di bayangake katone apik lan kepriwe, uga nang cerita novel iki sing paling di unggulake yaiku Waratinah sing pancen ulet lan ayu, lan seka penokohane si Waratinah sing wanen pingin mecahake perkara sing ana ing hotel mau.
Seka amanat uga apik banget merga novel iki nyeritakake emansipasi, utawa kesetaraan gendre yaiku tokoh Waratinah sing ndominasi cerita ana ing novel mu iku lan si Waratinah sing nduweni sikap sing apik lan ora wedi anggone bebayan sing ana nang ngarepe kabeh dilawan lan dirampungi kanthi pener, ora grusa grusu.
Seka basa tulisane uga nyenengake merga gampang di mangerteni lan basane uga nganggo basa jawa ngoko, dadi ora susah anggone arep mangerteni.

0 komentar:

Posting Komentar

[ Vistory ]

Blogger templates