ASMARANI DENING SUPARTO BRATA
Judul : Asmarani
Penyerat : Suparto Brata
Penerbit : Elmatera
Taun terbit : 2013
Jumlah halaman : 154 halaman
Ing desa Ngombol ana prawan cilik sing jenenge Asmarani, dheweke umur
limalas taun lan sekolah kelas nem, dheweke nguja katresnan marang gurune sing
isih nom-noman lan isih jaka, sanajan umure selawe taun. Pas wayahe ngaso
asmarani nyedhaki gurune sing lagi maca majalah ana ing ngarep sekolahan.
Dheweke langsung takon kaya apa dene murid lan gurunr uga nanggapi naging
Asmarani iku langsung dikon lunga, merga ngganggu. Nanging sadurunge lunga
asmarani njaluk majalahe iku mau.
Ngisuke gurune sing mau
lali nggawa majalah banjur di tagih nanging nanging merga lali banjur ngomong
apa anane. Pas wayahe mantuk Asmarani kerasa ngeleh lan dheweke mlebu menyang
pawon lan nggeret kursi di geret mnyang lemari, lemarine dibukak, nggolek
panganan lan nemu sak ketemue sing penting bisa mangan lan sawise nemu banjur
digawa lunga.
Ngisuke maneh mangkat
sekolah lan njaluk janjine gurune nanging palah dibada ngasi pirang-pirang dina
bocahe ketara aneh. Awan-awan Asmarani disrengeni emake merga panganan sing
dicepakake kanggo bapake wis di emplok ndisit. Merga iku Asmarani langsung
lunga menyang punggiring umah weruh ana buah tiba langsung wae dijupuk lan
dipangan, jebul iku buah duwet, lan mlengo munggah akeh bwah duwet sing mateng
wit dipenek, terus mangani buwah duwet ana ing nduwur, pas lagi mangan duwet
weruh Tarwi lagi mulih saka smpne, Asmarani ngenteni nang pang terus pas Tarwi
liwat nang ngisore banjur di baling nganggo buwah duwet iku mau, Tarwi ora
terima langsung wae tarwi malws mbalang munggah, lan nang kono pada padu. Ora
let suwe ibune mbengok merga ana kancane
Asmarani, banjur Tarwi ngomong yen Asmarani iku ananang nduwur
wit-witan, ibune nesu lan nyengget Asmarani, Asmarani mudhun banjur mlayu
menyang buri sekolahan.
Banjur ana kancane sing
nututi, nanging ora gelem dijak dolanan, langsung wae Asmarani ngonong yen arep
nantang gelut Tarwi, tarwi diundang kancane Asmarani langsung wae Tarwi lunga
menyang sekolahan lan nangkono wis di enteni karo Asnarani sing katon nesu, lan
nantang gelut mau. Nanging Tarwi ora gelem lane mo dijak glut merga sing ngejak
gelut iku wong wadon, nanging Asmarani tetep nglawan lan Tarwi di cekel gulune,
nanging bisa di uculi lan Tarwi genten nyekeli gulune Asmarani, nanging tangane
Tarwi dicakot ngasi metu getihe, lan njerit, Asmarani lunga ngadohi nanging
Tarwi ora gelem nututi, di enteni nganti suwe ora di tututi, Asmarani banjur
nyedhaki Tarwi sing lagi kelara-alara, lan lungguh nganti adu are plan njaluk
ngapura lan ora bakal nglakoni maneh, hla nng kon Tarwi ngdek-udhek sak
klambine, lannemu ana permen karet nang kono langsung wae di wenehake karo si
Asmarani. Nagkono padha ngungkepke
katresnane lan padha ngumbar janji.
Sawise iku pirang dina
sateruse mbakyune Asmarani sing jenenge Paerah bali tilik kampong saka kota
nanging ora suwe ana ing kampong lan barang-barange langsung di gawa mlebu.
Ngisuke pas lagi Asmarani arep mangkat sekolah dheweke ora langsung mangkat
kaya biyasane nanging saiki meneng meneng anggone mlebu kamare mbakyune lan
nganggo wedhake mbakyune, sawise iku mangkat betigas-beteges, kaya wong sing
kemayu, tekan sekolahane langsung wae kabeh pdha mandeng Asmarani lan padha
gumun.
Sawise iku bel mlebu
sekolah wes muni nanging ora padha mlebu menyang kelas banjur gurune takon kena
apa, lanhsung wae ana sing njawab yen Asmarani sing dadi dhalange, langsung wae
gurune murka lan ngongkon asnarani mulih menyang omahe lank on raup. Asmarani
manut nanging sadurunge asmarani muluh asmarani pesen karo kancane kon
ngomongna karo gurune yen mbakyune Asmarani sing jenenge Paerah iku wis bali
nanging ora suwe nang ngumah. Sawise iku Marsan seneng lan wayah sore wayah jam
papatan Marsan mara menyang omahe Paerah banjur nang kono diece terus karo
Asmarani ngnti pipine katon abang semu ireng. Nganti suwe ana ing umahe Paerah
kira kira jam pitunan Marsam metu pamit bali lan Asmarani ngeterake tekan
ngarep lawangan lan Marsam bali.
Ngisuke
nang sekolahan Asmarani ora kaya biyasane meneng wae ora akeh ngomong lan
nganti wayahe bali saka sekolahan tetep meneng lan tetep njagong anan ing
bangkune mau. Terus gurunr mau takon kena apa, Asmarani memeng wae lan di
cedhaki nganti adu arep, banjur Asmarani ngomong yen mbakyune iku wes tunangan,
lan ora nang desa kono maneh, langsung kabeh padha meneng sedela, lan Asmarani
ngomong yen dheweke tresna marang gurune lan kepingin dipek bojo marang gurune
mau, gurune uga nyanggupi mergo ya wes kebcut tersnane mau iku lan pancen wong
loro iku mendhem tersna bareng, banjur Asmarai di kon bali marang gurune lan
pas lagi nang dalan ana Tarwi lagi mulih sekolah uga banjur mandheg niyate arep
ngawehake permen karet pesenane Asmarani, merga kepergok ana gurune langsung
wae Tarwi arep bablas nanging Asmarani tetep arep milu lan banjur bonceng ing
buri, lan wong loro iku mbablas.
Pas bar ujian wayahe liburan Asmarani lunga
menyang kota nusul mbakyune nanging ora ngabari sapa-sapa. Sing ngerti mung
wongtuwane lan bapake Tarwi sing ngeterake tekan stasiun. Pirang pirang dina
Marsan ora weruh Asmarani banjur di tekani menyang omahe Asmarani, nanging pas
di tekani palah muspra asmarani ora nang ngumah banjur Marsam kluyur-kluyur lunga menyang sekolahane
nanging pas nang sekolahane ana guru sing menehi surat menyang dheweke banjur
surat di waca lan ngira yen surat iku salah ngirim, banjurarep dak wenehake
Asmarani.
Asmarani bali lan
ketemu ana ing dalan asmarani di wenehi surat mau, lan Asmarani banjur lunga
lan macasurat iku atne krenteg, lan saiki ngerti yen dheweke iku dudu anake pak
Nataran mula wktu iku dheweke wis niyat yen arep lunga menyang yogya nanging
ora nduwe dhuwit kanggo lunga, merga iku dheweke langsung nabung ben isa lunga.
Saben dinane deweke nabung, nanging merga ora duwe gaweyan apa-apa mula dheweke
langsung mbiyantu menyeng sawah-sawahan. Lan tetep mikir piye carane ben cepet
lunga menyang yogya.
Paerah bali nanging ora
karo bojone lan pas numpak dhokar Paerah ketemu karo Marsan, nang kono padha
dongeng-dongengan, lan ngudarasa kaya biyen pas lagi cilik. Paera di lamar karo
Marsan lan ora let suwe padha mbojo, kabeh wong padha repot nanging mung
Asmarani sing biyasa wae ora gelem milu repot.
Pirang-pirang sasi sawise iku ana wong lanang sing
bagus lan penganggone kaya udu wong desa sing biasa, nanging wong kota sing bagus,
pas iku arep numpah dhokar banjur mudhun menyang ngarep gang desa, lan takon
arane pak Marasan, nanging Asmarani ngomong yen sing di goleki iku dudu Marasan
nanging pak nataran, lansung wae ngacungake umahe lan ngongkon wonge mara rana,
sawise wong mau wis adoh Asmarani langsung mlayu lewat mburi umah lan adus
banjur njupuk klambi sing paling apik lan ethok-ethok mbukak lemari, keprungu
lemari di bukak langsung wae ibune ngundang asmarani metu karo kon nggawa
unjukan. Asmarani metu lan nangkono takon-takon, lan wong tuwane blaka yen
Asmarani iku dudu anake asli mula wong sing nang ngarepe arep nggawa muleh
menyang wong tuwane asline, lan Asmarani gelem anggone arep di gawa menyang
yogya.
Asmarani lunga salawase ana nem taun, nanging tetep
menehi kabar marang wong tuwa pepene lan pas lagi liburan Asmarani bali menyang
omahe sing ana nang kampunge lan ketemu karo wong tuwane, nang kono padha
ndongeng merga nangkono wes akeh kahanan sing wis padha owah. Kan lurahe uga
wes diganti karo anake si Tarwi. Ngisuke Asmarani langsung menyang pak lurahe
tujuwane kanggo ngurus surat laire lan padha dongeng bareng-bareng. Sawise iku
pirang pirang dina nang numag lan Asmarani wis arep lunga banjur diparingi karo
kakangane sing nggawa mobil. Asmarani lunga lan kabeh wong padha ngawe-awe karo
ngomong sugeng tindhak.
Novel iki kepara dadi 8 bab lan sben bab iku ana sing nyritakake babagan
katresnan sing dilakoni gurune marang muride kaya-kaya gurune iku ora kepengin
kelangan muride lan kepengin ngepek muride iku dadi bojone.
Seka amanat sing tak di
tampa sawise maca novel iki yaiku aja tresna marang wong merga bandhane wong
tuwane nanging tresna karo wong merga pancen tresna tenanan merga iku ora apik
tumprap wong becik.
Saka penokohane
Asmarani dheweke iku bocahe iku pencilakan kaya wong lanang, wanen, tur nak
ngomong asal muni ora di pikir ndisit, ora kaya kanca kanca liyane sing rada
pener. Latar tempat sing paling ndhominasi iku sekolahan mula katone kaya
monoton nanging tetep enak nek di waca nggawe sing maca iku milu ngrasakake apa
sing dilakono marang Asmarani,
0 komentar: