PEMBANTUKU DADI PACARKU
Isuk
iku ana wanita kang ayu tur becik budine, wanita iku jenenge sinta. Wanita desa
sing merantau ana ing kuta, dheweke merantau luru rejeki kanggo nafkahi
keluargane sing ana ing desa. Isuk iku dheweke mlaku-mlaku menyang omah-omah
lan ndaftarake dheweke dadi pembantune ana ing omah-omah iku, lan ana ing
salahsijine omah sing ditekani yaiku omahe Bram pemudha sing ganteng, gagah
dhuwur lan apik budi pekertine.sinta nothok lawange lan karo ngomong kulanuwun,
ora let suwe ana pembantune Bram sing jenenge paiyem, dheweke rada tuwa nanging
wonge apikan lan eman karo sapa wae, pariyem langsung nekani lawang lan mbuka
lawange, dheweke rada kaget merga isuk-isuk kok wis ana tamu. “isuk isuk ngene
kok wes ana tamu” karo nggrundel paryem langsung mbukak lawang.
“Bu,
napa ngriki mbutuhaken pembantu? Kula saking kampung badhe nyambut dhamel
wonten mriki.” Pitakonane sinta kang alus. Pariyem merga ora ngerti langsung
ngomong karo sing nduwe umah. “dhen menika wonten wanita stri badhe nyambut
dhamel wonten mriki, punapa angsal?” “Sapa ta?” Pitakone bram. “niko dhen, lare
stri, ayu hlo dhen.” Wangsulane pariyem. Bram langsung ngongkon sinta mlebu lan
ditakone bisane apa wae, sinta mangsuli yen dheweke bisa nglakoni panggaweyan
apa wae merga sinta pancen bocahe gemlithi tur sregep. Merga ayune sinta lan
kepinginane sinta anggone nduwe gawean banjur Bram menehi gawean kanggo sinta,
sinta kon ngrewangi Pariyem masak-masak ana ing dhapur, sinta ngrasa seneng
merga ana wong sing isih gelem nerima dheweke kerja ana ing ngumahe, sinta
banjur di tuduhi kamare lan kon leren lan nata barang sing di gawa ana ing
kamare iku.
Isuke
wayah jam papatan Sinta wis tangi saka kamare banjur langsung lunga saka
panggonane menyang dapur kanggo ngrewangi masak. Pariem sing wis ana ing kana
kaget merga sinta wes tangi. “kowe wes tangi ta ndok, ya wes kene rewangi aku
nyiapake lawoh kanggo dhen Bram”
“inggih
mbok” banjur sinta nyiapake dhedhaharan ana ing ruwang makan, nganti wayah jam
eneman wayahe wong padha dhahar. Bram sing langsung tangi lan lunga menyang
ruwang makan kaya biasane wes di sediani dhehdhaharan nanging ana sing beda
merga sing nyedhiani dudu pariyem nanging sinta sing dadi pembantu anyar iku mau,
nalika sinta menehi teh anget kanggo Bram, bram kaget. “dak sawang-sawang jebul
cah iki ayu tenan ya esemane legi tenan ngalahake legine madu” sinta langsung
lunga menyang dhapur nanging sinta di ndek karo bram.
“arep
ning ndi kowe?” pitakone bram marang sinta karo rada ngesemi
“kula
badhe teng wingking, badhe ngrampungaken pedhamelane kula.”
“Mengko
sek ta ngkene set, aku arep ngomong karo kowe.”
Sinta
dadi bingung merga lagi sedina sinta kerja wes arep di omongi karo bose,
nanging piye neh sinta ya manut terus nyedhaki bose.
“ngene
hlo, aku arep ngomong karo kowe setitik, sak jane aku ke...” durung nganti bram
ngrampungake omongane banjur ana pacare bram teka, dheweke jenenge yanti bocahe
rada galak lan angkuh. “hlo, mas? Sapa iku? Kok ana wanita nangkene ” ynti
kaget weruh sinta ana ing sisihe bram. “kula sinta, kula pembantu enggal wonten
mriki.” Durung ngasi dijawab bram pitakonane yanti, sinta wes njawab ndisek.
Merga yanti wonge galak banjur yanti bgongkon sinta lunga menyang dhapur. nang
kono mung kari yanti lan bram, bram uga langsung arep lunga nanging dipenggah
karo yanti.
“arep
ning ndi mas? Aku iki lagi teka hlo apa kowe ora mesakke aku?”
“aku
arep ning bandhara arep methuk bapak lan ibuku saka singapura.”
“mbok
mengko ndhisik aku, ngene ndhisik karo aku” yanti tetep maksa bram ben aja
lunga.
“alah
wes telat iki hlo kale methuk wong tuwaku.”
“Yowes
nek ngono aku tak melu wae entu ora?”
“ya
ayo nek arep milu” bram lan yanti langsung lunga nenyang bandhara lan njemput
wongtuwane.
Wis
sewulan sinta kerja ana ing kono, sinta ngrasa kepenak kerja ana ing kono lan
ngrasa kraksan. Merga sabendina ketemu, sinta dadi ngrasa seneng laro bram
nganti nduwe rasa tresna karo bram nanging sinta tetep meneng wae, merga sing
di senengi iku ndarane dhewe, nanging kejaba iku sinta uga ngrasa ora seneng
karo pacare bram sing mesthi saben dina nggawe larane atine sinta.
“duh
biyung, biyung. Kok ngene temen ya nduwe ndara bagus lan eman ngene naging kok
pacare galak kaya singa.” Gumbremenge atine sinta sing saben dina dilarani karo
yanti, sinta uga tetep sabar anggone ngadhepi pacare bram iku.
“ora
dadi apa aku di larani ngene, sing sabar wae sing penting aku kudu nyambut gawe
kanti pener ben mas bram seneng lan moga wae pacare bisa ngrubah sikape marang
aku” karo di sambi njangan sinta tetep nggrundel nganti pariyem gela.
“ana
apa ta ndok? ora niasane kowe kaya ngene iki.”
“Niko
hlo pacare mas bram, hihh jahat banget kalih kula, sakjane kula salah napa si?”
“Jane
kowe ora salah apa-apa, pancen wateke pacare bram ya ngono iku, aku ya ngrasa
gething banget karo pacare bram kok. Ya moga wae bocah ketemu karo karmane.” Wong
loro iku padha padha ngrasani yanti nganti sedina muput. Salah sawijine dina
sinta dikon blanja menyang pasar, sinta banjur lunga menyang pasar lan ning
prapatan dalan sinta kaget merga weruh yanti gandhengan karo cowok, nanging
sing di gandeng dudu bram, sinta dadi mikir sing ora-ora ngenani yanti.
“dorrrr”
ujug-ujug bram ngagetake sinta saka mburi.
“dhuh
mas bram, ndamel kaget mawon.”
“Hla
kowe nglamun ana ing dalanan.”
“Sanes
nglamun, nanging niko hlo mbak yanti”
Bram
weruh, raine uga langsung katon mangkel lan nyedhaki yanti. “oh ngono ta, nag
ngarepe apik kaya ngana, nanging ning buri bejate kaya ngene, dhasar play girl!
Apa kowe wes marem nglarani atiku, yowes saiki wes ora ana hubungan apa-apa
maneh, kita putus” yanti kaget banjur luru alesan kanggo nggawe percaya karo
yanti, nanging bram ora nggagas banjur hubungan sing wis di gawe mbien langsung
di pedhot, merga salahe yanti iku. Bram langsung lunga nyedhaki pembantune lan
lunga bareng menyang pasar.
Seminggu
sateruse bram dadi menengan lan ora gelem mangan, nanging sinta tetep
ngirih-irih, bram ben bisa kaya biasane maneh. Bram banjur ngrasa yen wong sing
tepat kanggo ndhampingi urpe bram.“sinta, tak rasa-rasakake saya suwe aku kok
dadi ngrasa seneng karo kowe, lan aku nduweni rasa tresna karo kowe, apa kowe
gelem yen kowe dadi pendhamping uripku” sinta kaget banjur sinta meneng, lan
bram mbaleni maneh. Banjur sinta karo isin-isin njawab yen dheweke gelem dadi
pendhampinge uripe bram.
TAMAT
0 komentar: