ESAI "KONSERVASI UNNES KANGGO MAHASISWA"

KONSERVASI UNNES KANGGO MAHASISWA

Konservasi? mesti kabeh wis padha krungu tembung iku. Konservasi iku biasane ditujokake karo lingkungan, alam utawa kepribadhene wong. Tembung konservasi utawa conservation isa dimaknani usaha panggawean sing dilakoni Manungsa kanggo nggunakke sumber daya alam kanti nganakake kauntungan saka generasi tumuju generasi sateruse kanti ora ngrusak alam. Sahingga konservasi iku bisa diwastani cara kanggo ngupakara lan njaga lingkungan.
Ning UNNES konservasi wis diwiwiti saka taun 2000 kanti cara nandur wit-witan sing bakale bisa dimanfatke, kanti cara njaga lingkungan tetep resik lan tetp njaga kaseimbangan ekosistem, kanti  cara iki UNNES sing mbiene ora ana wit-witan saiki wes akeh wit-witan lan hawa sing mbiyene panas saiki dadi adhem lan seger. Ning UNNES seliane nandur wit-witan uga nganjurake kanggo para mahasiswa padha tertib lingkungan, kaya dene ngguwang sampah ing wadhahe sahingga lingkungan tetep ketok resik lan ora ana sampah sing kececer ing kono. Ora mung iku unnes uga nganjurake kanggo para mahasiswa nadur wit sing bakale dadi gedhe, kaya wit cemara maoni, lan lialiane sing mbesuke isa digunakake, lan wite iku bisa urip nganti taun-taunan.Tujuan kang utama UNNES nganakake Konservasi yaiku: 1. Nguri-uri proses ekologi lan sistem kang ndukung kauripane, 2 njaga keanekaragaman hayati, lan 3. Manfaatake jenis spesies lan ekosistem  kanti kala-kala, Sahingga isih bisa digunakake nganti selawase lan ora bakal entek. Lan tujuan lane sing dikarepake UNNES yaiku para mahasiswa bisa nguri-uri lingkungane sing ana ing darahe dewe-dewe, lan isa ngupakara kanti pener lan wicaksana, lan uga para mahasiswa bisa mangerti pentinge konservasi kanggo urip sedina-dinane.
Miturut Bu Hanna L.S dosen Pendidikan Lingkungan Hidup ngendika “Yen UNNES menika sampun sukses nganakake konservasi ing lingkungan UNNES sahingga lingkungan UNNES saiku bisa aton ijo lan nduwen hawa kang adhem, lan kanggo para Mahasiswa kudu nyonto tumindhake UNNES sing nglakoni konservasi ing lingkungane dhewe-dhewe, konservasi ora kumudu nandur wit sing gedhe-gedhe, nanging bisa dilakoni saka sing cilik yaiku mbuang sampah ana ing wadhah sing samesthine, ngresiki sampah yen ana sampah sing kececer ana ing sak nggon-nggone, lan uga ora nggawe kotoran utawa res-resan ing sak nggon-nggone, merga konservasi iku njaga lingkungan ben tetep kejaga lan tetep resik.” Saka ngendikane Bu Hanna menika bisa di jupuk maksud lan tujuane UNNES yaiku kanggo menehi conto kanggo para mahasiswa ben mahasiswa bisa ngolah utawa nguri-uri lingkungan kanti sapener-penere, lan bisa njaga karesikan, kaendhahan lan kesehatan lingkungan kasebut. Merga ning Al-Qur’an uga wes dingendikakake yen “karesikan iku separone saka Iman” maksude yaiku manungsa kuda njaga keresikane badan utawa papan panggonan ben disawang bisa rapi lan endhah, kita bisa percaya, merga iman iku percaya berarti percaya yen resik iku indhah tur kanggo sing nyawang uga ngrasa tentrem lan seneng.

Kang pungkasan apa sing bisa di lakoni para mahasiswa ngenani konservasi sing dilakoni unnes merga mahasiswa iku kadhang ana sing ora mentingake konservasi. sejatine konservasi iku penting kanggo pribadhine manungsa. Konservasi iku bisa dilakoni sapa wae, lan tanem prinsip konservasi iku wiwit silik sahingga gedhene bisa mangerteni pentinge lingkungan kanggo uripe manungsa lan isa ngrawat utawa njaga lingkungan kanti sapener-penere. Sahingga lingkungan alam, lingkungan urip lan para manungsa bisa nyawiji, lan para manungsa bisa nglola penghasilan alam iku kanti ora ana sumelang lan bisa digunakake kanti turun temurun.

0 komentar:

Posting Komentar

[ Vistory ]

Blogger templates