KONSERVASI
UNNES KANGGO MAHASISWA
Konservasi? mesti kabeh
wis padha krungu tembung iku. Konservasi iku biasane ditujokake karo
lingkungan, alam utawa kepribadhene wong. Tembung konservasi utawa conservation
isa dimaknani usaha panggawean sing dilakoni Manungsa kanggo nggunakke
sumber daya alam kanti nganakake kauntungan saka generasi tumuju generasi
sateruse kanti ora ngrusak alam. Sahingga konservasi iku bisa diwastani cara
kanggo ngupakara lan njaga lingkungan.
Ning UNNES konservasi
wis diwiwiti saka taun 2000 kanti cara nandur wit-witan sing bakale bisa
dimanfatke, kanti cara njaga lingkungan tetep resik lan tetp njaga kaseimbangan
ekosistem, kanti cara iki UNNES sing
mbiene ora ana wit-witan saiki wes akeh wit-witan lan hawa sing mbiyene panas
saiki dadi adhem lan seger. Ning UNNES seliane nandur wit-witan uga nganjurake
kanggo para mahasiswa padha tertib lingkungan, kaya dene ngguwang sampah ing
wadhahe sahingga lingkungan tetep ketok resik lan ora ana sampah sing kececer
ing kono. Ora mung iku unnes uga nganjurake kanggo para mahasiswa nadur wit
sing bakale dadi gedhe, kaya wit cemara maoni, lan lialiane sing mbesuke isa
digunakake, lan wite iku bisa urip nganti taun-taunan.Tujuan kang utama UNNES
nganakake Konservasi yaiku: 1. Nguri-uri proses ekologi lan sistem kang ndukung
kauripane, 2 njaga keanekaragaman hayati, lan 3. Manfaatake jenis spesies lan
ekosistem kanti kala-kala, Sahingga isih
bisa digunakake nganti selawase lan ora bakal entek. Lan tujuan lane sing
dikarepake UNNES yaiku para mahasiswa bisa nguri-uri lingkungane sing ana ing
darahe dewe-dewe, lan isa ngupakara kanti pener lan wicaksana, lan uga para
mahasiswa bisa mangerti pentinge konservasi kanggo urip sedina-dinane.
Miturut Bu Hanna L.S
dosen Pendidikan Lingkungan Hidup ngendika “Yen UNNES menika sampun sukses
nganakake konservasi ing lingkungan UNNES sahingga lingkungan UNNES saiku bisa
aton ijo lan nduwen hawa kang adhem, lan kanggo para Mahasiswa kudu nyonto
tumindhake UNNES sing nglakoni konservasi ing lingkungane dhewe-dhewe,
konservasi ora kumudu nandur wit sing gedhe-gedhe, nanging bisa dilakoni saka
sing cilik yaiku mbuang sampah ana ing wadhah sing samesthine, ngresiki sampah
yen ana sampah sing kececer ana ing sak nggon-nggone, lan uga ora nggawe
kotoran utawa res-resan ing sak nggon-nggone, merga konservasi iku njaga
lingkungan ben tetep kejaga lan tetep resik.” Saka ngendikane Bu Hanna menika
bisa di jupuk maksud lan tujuane UNNES yaiku kanggo menehi conto kanggo para
mahasiswa ben mahasiswa bisa ngolah utawa nguri-uri lingkungan kanti
sapener-penere, lan bisa njaga karesikan, kaendhahan lan kesehatan lingkungan
kasebut. Merga ning Al-Qur’an uga wes dingendikakake yen “karesikan iku
separone saka Iman” maksude yaiku manungsa kuda njaga keresikane badan utawa
papan panggonan ben disawang bisa rapi lan endhah, kita bisa percaya, merga
iman iku percaya berarti percaya yen resik iku indhah tur kanggo sing nyawang
uga ngrasa tentrem lan seneng.
Kang pungkasan apa sing
bisa di lakoni para mahasiswa ngenani konservasi sing dilakoni unnes merga
mahasiswa iku kadhang ana sing ora mentingake konservasi. sejatine konservasi
iku penting kanggo pribadhine manungsa. Konservasi iku bisa dilakoni sapa wae,
lan tanem prinsip konservasi iku wiwit silik sahingga gedhene bisa mangerteni
pentinge lingkungan kanggo uripe manungsa lan isa ngrawat utawa njaga
lingkungan kanti sapener-penere. Sahingga lingkungan alam, lingkungan urip lan
para manungsa bisa nyawiji, lan para manungsa bisa nglola penghasilan alam iku
kanti ora ana sumelang lan bisa digunakake kanti turun temurun.