geguritan INSPIRASI

Sing tak goleki nang endi-endi
Sing di pikir awan wengi
Sing di karep ake tekane iki
Inspirasi
Inspirasi kuwi pikiran kang di jlentrehake
Inspirasi iku angen-angen sing di pikir wong
Inspirasi iku impen impen sing bakale kanggo gaweane dhewe
Inspirasi iku rasa sing dirasakake
Inspirasi
Kabeh wong butuh inspirasi
Inspirasi kanggo ngapa wae
Ora mung nggawe geguritan wae wong iku butuh inspirasi
Nanging kabeh sing arep dilakoni kudu nganggo inspirasi
Merga iku wis ana ing dhiri manungsa
Inspirasi
Merga inspirasi wong isa padha gawe buku
Merga inspirasi manungsa isa ngarang novel
Merga inspirasi manungsa isa ngetokkake apa sing di rasakake

Merga inspirasi iku pancen perlu

geguritan "WAYAH BENGI"

Ing wayah bengi kang mendhung
Katon cumlorot sunaring lintang
Kaya padhanging lampu
Kang madhangi pepetenging jagad
Ing wayah bengi kang asrep iki
Suraos tinembus suksma
Tanpa daya ngilangake rasa
Rasa kang mijil saka raga
Ing wayah bengi iki
Ngelingake aku marang sliramu
Sing ora bakal lunga
Ngancani awakku ing bengi iki
Kang sepi lan sunyi.


geguritan "TRESNA"

Tresna
Tresna iku rasa
Tresna iku ati
Tresna iku suci
Tresna iku raga lan sukma
Tresna
Tresna iku ora bakal ilang
Tresna iku kabeh manungsa padha nduweni
Tresna iku sing di goleki para manungsa
Tresna
Tresna iku ora mung saka omongan
Tresna iku kudu dilakoni
Tresna iku pangurbanan
Tresna
Tresna iku
Nalika aku lan sliramu
Nduweni rasa sing padha
Lan tresna iku
Nalika aku
Ketemu karo sliramu

Dhuh cah ayu

NGELINGAKE AKU

suwara kang endhah
pasuryan kang elok
panganggomu kang sopan
ngeling ake aku
nalika aku ketemu
ketemu karo sliramu
ketemu ing patamana
kang ora di sengaja
lakumu kang alus
ngeling ake aku marang sliramu
suwarane kang endah
nggawe aku tansaya bungah
nggawe aku kepingin
ketemu karo sing tak kangeni
ya iku sliramu
sing nggawe aku
pingin ketemu
merga sliramu
ngeling ake aku

ana ing atimu

batik Wahyu Tumurun

Motif Batik                    : Wahyu Tumurun
Gambaran Motif         : Mempunyai ciri khusus, motif utamanya adalah yang berbentuk seperti mahkota dibagian dalamnya ber motif bunga, dan motif sepasang ayam atau burung yang berhadap-hadapan. Dan juga ada berbagai tumbuh-tumbuhan yang sedang bersemi dalam bahasa Jawa disebut semen atau  tumbuh-tumbuhan yang sedang bersemi.
Filosofi                        : Siapa saja yang mengenakannya  akan memperoleh  petunjuk atau Anugerah, Ridho, Berkah dan Rakhmat dari Tuhan Yang Maha Esa. Semoga memperoleh kedudukan atau pangkat dan semoga tercapai cita-citanya tentunya dengan usaha.

Penggunaan               : Pernikahan dan bisa juga upacara 7 bulanan karena memiliki makna yang baik.

ESAI "MINUMAN KERAS ORA APIK KANGGO AWAK"

MINUMAN KERAS ORA APIK KANGGO AWAK

Minuman keras? Mesti wes paadha ngerti, saka bocah-bocah nom nganti sing wis tuwa mesti wes padha krungu. Minuman keras sing dhewe ngerteni, yaiku minuman sing mbebayani kanggo kesehatan awak, nanging kanggo wong si wis tau nyoba iku meste nduweni pendhapat kang beda saka pendhapate wong-wong sing ora tau ngumbe, pangaggo minuman keras sing biasane digunakake wong landa kanggo obat utawa kanggo ngngetake awak. Nanging munuman keras saiki di ombe kanti ora nggunakake dosis utawa digunakake segeleme dhewe, sahingga nggawe wong ora sadhar lan mabok. Wong-wong jaman saiki rada aneh merga cara ngonsumsi alkohol iku biasane di oplos nganggo barang narang kang ora nggenah, kaya dene nggunakake obat nyamuk lan lia-liane sahingga bisa nggawe pengonsumsi iku kena pati.
 Minuman keras saiki wes mratah ing kalangan para pelajar sing isih remaja lan durung cukup umur kanggo ngonsumsi iku, dheweke mung mbutuhake kesenengan, nanging kesenengan kasebut namung sedhela lan namung nggawe masalah ing sapagarepe. Masalah kang biasa diadepi para pengkonsumsi minuman keras yaiku, gangguan mental organik kang biasane ngowahi perilaku,  kaya nduweni perilaku kasar, gampang nesunan sahingga nduweni masalah ana ing lingkungan. Minuman keras uga bisa ngendhet-endheti perkembangan memori lan sel-sel otak, minuman keras uga nggawe pembengkakan lan lan kesumpele jaringan darah ana ing otak, sahingga nggawe gangguan ana ing otak. Kakean ngumbe minuman keras uga bisa nggawe tatu utawa radang ing jero lambung. Biasane diakibatke merga muntah kerana minuman keras, merga lambung kudu memompa paksa metu zat-zat adiktif kang nduweni racun ana ing awak.
Merga kecanduan kadang pengonsumsi mipil ngrasa sirake diantemi utawa ora tenang, sahingga kelakuane dadi kasar karo wong-wong liya. Kanggo pengguna sing isih remaja biasane masalah sing utama yaiku masalah ekonomi merga dheweke durung nduweni pengasilan kaya denewong tuwa sahingga bisa ngakibatke pencurian sing dilakoni para remaja, lan uga para remaja bisa nglakoni apa wae kanggo entuk duwit apa maneh kanggo wanita bisa-bisa ngedol awake dhewe ben bisa tuku minuman keras utaawa alkohol. Kanggo remaja sing isih labil bisa-bisa nglakoni apa wae sing bentuke kriminal kaya dene gelut-gelutan, pemerkosaan, nganti paten-patenan lan iku biasa kelakon ing kalangan remaja.

Bisa di simpulake yen minuman keras iku pabcen ora apik kanggo awak sanajan bisa nggo ngagetake awak nanging luwih akeh efek negatife kanggo awak, lan lingkungan sekitar, lan kanggo para remaja generasi kang nerusake angsa saora-orane ora usah ngumbe minuman keras, merga iku bisa ngrusak awak lan pikiran. Isih akeh umben kang apik lan sehat kanggo badan kita.

ESAI "KONSERVASI UNNES KANGGO MAHASISWA"

KONSERVASI UNNES KANGGO MAHASISWA

Konservasi? mesti kabeh wis padha krungu tembung iku. Konservasi iku biasane ditujokake karo lingkungan, alam utawa kepribadhene wong. Tembung konservasi utawa conservation isa dimaknani usaha panggawean sing dilakoni Manungsa kanggo nggunakke sumber daya alam kanti nganakake kauntungan saka generasi tumuju generasi sateruse kanti ora ngrusak alam. Sahingga konservasi iku bisa diwastani cara kanggo ngupakara lan njaga lingkungan.
Ning UNNES konservasi wis diwiwiti saka taun 2000 kanti cara nandur wit-witan sing bakale bisa dimanfatke, kanti cara njaga lingkungan tetep resik lan tetp njaga kaseimbangan ekosistem, kanti  cara iki UNNES sing mbiene ora ana wit-witan saiki wes akeh wit-witan lan hawa sing mbiyene panas saiki dadi adhem lan seger. Ning UNNES seliane nandur wit-witan uga nganjurake kanggo para mahasiswa padha tertib lingkungan, kaya dene ngguwang sampah ing wadhahe sahingga lingkungan tetep ketok resik lan ora ana sampah sing kececer ing kono. Ora mung iku unnes uga nganjurake kanggo para mahasiswa nadur wit sing bakale dadi gedhe, kaya wit cemara maoni, lan lialiane sing mbesuke isa digunakake, lan wite iku bisa urip nganti taun-taunan.Tujuan kang utama UNNES nganakake Konservasi yaiku: 1. Nguri-uri proses ekologi lan sistem kang ndukung kauripane, 2 njaga keanekaragaman hayati, lan 3. Manfaatake jenis spesies lan ekosistem  kanti kala-kala, Sahingga isih bisa digunakake nganti selawase lan ora bakal entek. Lan tujuan lane sing dikarepake UNNES yaiku para mahasiswa bisa nguri-uri lingkungane sing ana ing darahe dewe-dewe, lan isa ngupakara kanti pener lan wicaksana, lan uga para mahasiswa bisa mangerti pentinge konservasi kanggo urip sedina-dinane.
Miturut Bu Hanna L.S dosen Pendidikan Lingkungan Hidup ngendika “Yen UNNES menika sampun sukses nganakake konservasi ing lingkungan UNNES sahingga lingkungan UNNES saiku bisa aton ijo lan nduwen hawa kang adhem, lan kanggo para Mahasiswa kudu nyonto tumindhake UNNES sing nglakoni konservasi ing lingkungane dhewe-dhewe, konservasi ora kumudu nandur wit sing gedhe-gedhe, nanging bisa dilakoni saka sing cilik yaiku mbuang sampah ana ing wadhah sing samesthine, ngresiki sampah yen ana sampah sing kececer ana ing sak nggon-nggone, lan uga ora nggawe kotoran utawa res-resan ing sak nggon-nggone, merga konservasi iku njaga lingkungan ben tetep kejaga lan tetep resik.” Saka ngendikane Bu Hanna menika bisa di jupuk maksud lan tujuane UNNES yaiku kanggo menehi conto kanggo para mahasiswa ben mahasiswa bisa ngolah utawa nguri-uri lingkungan kanti sapener-penere, lan bisa njaga karesikan, kaendhahan lan kesehatan lingkungan kasebut. Merga ning Al-Qur’an uga wes dingendikakake yen “karesikan iku separone saka Iman” maksude yaiku manungsa kuda njaga keresikane badan utawa papan panggonan ben disawang bisa rapi lan endhah, kita bisa percaya, merga iman iku percaya berarti percaya yen resik iku indhah tur kanggo sing nyawang uga ngrasa tentrem lan seneng.

Kang pungkasan apa sing bisa di lakoni para mahasiswa ngenani konservasi sing dilakoni unnes merga mahasiswa iku kadhang ana sing ora mentingake konservasi. sejatine konservasi iku penting kanggo pribadhine manungsa. Konservasi iku bisa dilakoni sapa wae, lan tanem prinsip konservasi iku wiwit silik sahingga gedhene bisa mangerteni pentinge lingkungan kanggo uripe manungsa lan isa ngrawat utawa njaga lingkungan kanti sapener-penere. Sahingga lingkungan alam, lingkungan urip lan para manungsa bisa nyawiji, lan para manungsa bisa nglola penghasilan alam iku kanti ora ana sumelang lan bisa digunakake kanti turun temurun.

ESAI "BASA JAWA BASA KANG MERAKYAT"


BASA JAWA BASA KANG MERAKYAT

Basa jawa? Akeh sing padha mangerteni, nanging akeh uga sing ora bisa ngartekake. Basa jawa iku wes ana wiwit jaman kuna, basa jawa uga kepara dadi teli yaiku basa jawa kuna basa jawa pertengahan lan basa jawa modern sing saiki dienggo sadina-dinane, basa jawa kuna iku dienggo nalika jaman kerajaan-kerajaan sing kuna utawa sing tuwa, lan basa jawa pertengahan iku di enggo wiwit jaman mataram kuna, lan basa jawa moderen iku digunakane wiwit saka jaman bobroke mataram nganti saiki lan basa iku, saben dinane owah miturut kang nggunakake,
Kahanan basa jawa saiki wis rada miris merga akeh bocah sing wis ora padha mangerteni basa jawa, lan wis ora bisa mangerteni basa iku, akeh sing padha nggunakake basa liane kaya basa indonesia lan basa inggris, sahingga yen iku wong jawa nanging ora ngerti basa jawa, nanging kejaba iku akeh wong-wong sing tetep ngugemi basa jawa kasebut. Basa jawa iku basa kang endhah merga ing basa jawa iku nduweni tatacara utawa unggah-ungguh sing di gunakake kanggo saben-saben wong lan iku beda-beda kata dene basane wong enom kanggo wong tuwa , wong tuwa kanggo wong enom lan basa kang digunakake kanggo sepadha-padhane, iku beda-beda lan nduweni tatacara utawa unggah-ungguh dewe-dewe, kaya dene mbasakake kanggo awake dhewe iku ya ora kena, kaya mengkono basa jawa unggah-ungguh lan tatacra anggone nggunakake sanget di ugemi ing basa jawa kasebut.
Kahanan basa jawa kang dienggo sadina-dinane iku wes kecampur karo basa-basa liane sahingga dadi mawut ora nggenah-nggenah, sahingga basa sing saiki ketok wagu lan ora ketata ora kaya jaman ndisik sing isih ngaggo basa jawa kanti ora ana campuran basa liane tur saiki wes ora nggunakake udanegara ingkang trep lan pas kaya jaman ndisik, udanegara iku perlu merga iku bisa di anggep kanggo punjering basa jawa ngkang digunankake, mula akeh wong sing nggunakake basa jawa kanti salah kaprah lan uga ora ngerti maksut sing di omongake. Sejatine basa jawa iku dudu basa sing angel, basa jawa iku basa sing gampang lan basa kang endhah, basa kang alus tur ora pencilakan, basa jawa iku apik yen di enggo sapa wae kanggo wong tuwa, wong nom, uga cah cilik yen wes isa ngomong uga sanget sae, satemene kanggo wong jawa ngomong basa jawa iku ora angel merga basa iku wis diwarahake wong tuwane marang anake saka cilik, nanging wong tuwa saiki mulang anake ngomong mesti nganggo basa Indonesia, jarene ben gaul, lan jarene basa jawa iku wis kuna, nanging sanajan kuna, unggah-ungguh kang di trepke ing basa jawa sanget duwur, lan endhah ora kaya basa-basa liyane.
Nalika bebrayan, akeh wong jawa sing nggunakake basa kang liya, ora nggunakake basa jawane merga ana alesane yaiku salah sijine dialek, nalika dolan bareng antara wong dialek ngapak karo dialek O mesti wong dialek ngapak ora nggunakake basa jawane merga isin nek diguyu karo wong sing dialek O sahingga wong dialek ngapak nggunakake basa indonesia sing mesti ora bakal di guyu karo sapa wae, lan uga akh sing ora ngerti basa jawa senajan wong jawa nanging ora ngerti basa jawa, merga kawit cilik wis diwulang nomong nganggo basa indonesia lan uga isih akeh alesan laine sing nggawe wong ora bisa ngomong nganggo basa jawa.

Sejatine nalika bebrayan sanget endhah yen nggunakake basa jawa nanging merga alesan-alesan kaya ngono iku dadi akeh sing nggunakake basa jawa, piye carane ben basa jawa tetep diugemi marang saben wong yaiku kudu toleransi lan nyinaoni basa jawa kanti temen, merga basa jawa iku basa kang endhah lan ora angel kanggo disinaoni, akeh wong landa sing isa basa jawa kenangapa kok wong jawa ora isa ngomong nganggo basa jawa?  

CERKAK "PEMBANTUKU DADI PACARKU"

PEMBANTUKU DADI PACARKU
Isuk iku ana wanita kang ayu tur becik budine, wanita iku jenenge sinta. Wanita desa sing merantau ana ing kuta, dheweke merantau luru rejeki kanggo nafkahi keluargane sing ana ing desa. Isuk iku dheweke mlaku-mlaku menyang omah-omah lan ndaftarake dheweke dadi pembantune ana ing omah-omah iku, lan ana ing salahsijine omah sing ditekani yaiku omahe Bram pemudha sing ganteng, gagah dhuwur lan apik budi pekertine.sinta nothok lawange lan karo ngomong kulanuwun, ora let suwe ana pembantune Bram sing jenenge paiyem, dheweke rada tuwa nanging wonge apikan lan eman karo sapa wae, pariyem langsung nekani lawang lan mbuka lawange, dheweke rada kaget merga isuk-isuk kok wis ana tamu. “isuk isuk ngene kok wes ana tamu” karo nggrundel paryem langsung mbukak lawang.
“Bu, napa ngriki mbutuhaken pembantu? Kula saking kampung badhe nyambut dhamel wonten mriki.” Pitakonane sinta kang alus. Pariyem merga ora ngerti langsung ngomong karo sing nduwe umah. “dhen menika wonten wanita stri badhe nyambut dhamel wonten mriki, punapa angsal?” “Sapa ta?” Pitakone bram. “niko dhen, lare stri, ayu hlo dhen.” Wangsulane pariyem. Bram langsung ngongkon sinta mlebu lan ditakone bisane apa wae, sinta mangsuli yen dheweke bisa nglakoni panggaweyan apa wae merga sinta pancen bocahe gemlithi tur sregep. Merga ayune sinta lan kepinginane sinta anggone nduwe gawean banjur Bram menehi gawean kanggo sinta, sinta kon ngrewangi Pariyem masak-masak ana ing dhapur, sinta ngrasa seneng merga ana wong sing isih gelem nerima dheweke kerja ana ing ngumahe, sinta banjur di tuduhi kamare lan kon leren lan nata barang sing di gawa ana ing kamare iku.
Isuke wayah jam papatan Sinta wis tangi saka kamare banjur langsung lunga saka panggonane menyang dapur kanggo ngrewangi masak. Pariem sing wis ana ing kana kaget merga sinta wes tangi. “kowe wes tangi ta ndok, ya wes kene rewangi aku nyiapake lawoh kanggo dhen Bram”
“inggih mbok” banjur sinta nyiapake dhedhaharan ana ing ruwang makan, nganti wayah jam eneman wayahe wong padha dhahar. Bram sing langsung tangi lan lunga menyang ruwang makan kaya biasane wes di sediani dhehdhaharan nanging ana sing beda merga sing nyedhiani dudu pariyem nanging sinta sing dadi pembantu anyar iku mau, nalika sinta menehi teh anget kanggo Bram, bram kaget. “dak sawang-sawang jebul cah iki ayu tenan ya esemane legi tenan ngalahake legine madu” sinta langsung lunga menyang dhapur nanging sinta di ndek karo bram.
“arep ning ndi kowe?” pitakone bram marang sinta karo rada ngesemi
“kula badhe teng wingking, badhe ngrampungaken pedhamelane kula.”
“Mengko sek ta ngkene set, aku arep ngomong karo kowe.”
Sinta dadi bingung merga lagi sedina sinta kerja wes arep di omongi karo bose, nanging piye neh sinta ya manut terus nyedhaki bose.
“ngene hlo, aku arep ngomong karo kowe setitik, sak jane aku ke...” durung nganti bram ngrampungake omongane banjur ana pacare bram teka, dheweke jenenge yanti bocahe rada galak lan angkuh. “hlo, mas? Sapa iku? Kok ana wanita nangkene ” ynti kaget weruh sinta ana ing sisihe bram. “kula sinta, kula pembantu enggal wonten mriki.” Durung ngasi dijawab bram pitakonane yanti, sinta wes njawab ndisek. Merga yanti wonge galak banjur yanti bgongkon sinta lunga menyang dhapur. nang kono mung kari yanti lan bram, bram uga langsung arep lunga nanging dipenggah karo yanti.
“arep ning ndi mas? Aku iki lagi teka hlo apa kowe ora mesakke aku?”
“aku arep ning bandhara arep methuk bapak lan ibuku saka singapura.”
“mbok mengko ndhisik aku, ngene ndhisik karo aku” yanti tetep maksa bram ben aja lunga.
“alah wes telat iki hlo kale methuk wong tuwaku.”
“Yowes nek ngono aku tak melu wae entu ora?”
“ya ayo nek arep milu” bram lan yanti langsung lunga nenyang bandhara lan njemput wongtuwane.
Wis sewulan sinta kerja ana ing kono, sinta ngrasa kepenak kerja ana ing kono lan ngrasa kraksan. Merga sabendina ketemu, sinta dadi ngrasa seneng laro bram nganti nduwe rasa tresna karo bram nanging sinta tetep meneng wae, merga sing di senengi iku ndarane dhewe, nanging kejaba iku sinta uga ngrasa ora seneng karo pacare bram sing mesthi saben dina nggawe larane atine sinta.
“duh biyung, biyung. Kok ngene temen ya nduwe ndara bagus lan eman ngene naging kok pacare galak kaya singa.” Gumbremenge atine sinta sing saben dina dilarani karo yanti, sinta uga tetep sabar anggone ngadhepi pacare bram iku.
“ora dadi apa aku di larani ngene, sing sabar wae sing penting aku kudu nyambut gawe kanti pener ben mas bram seneng lan moga wae pacare bisa ngrubah sikape marang aku” karo di sambi njangan sinta tetep nggrundel nganti pariyem gela.
“ana apa ta ndok? ora niasane kowe kaya ngene iki.”
“Niko hlo pacare mas bram, hihh jahat banget kalih kula, sakjane kula salah napa si?”
“Jane kowe ora salah apa-apa, pancen wateke pacare bram ya ngono iku, aku ya ngrasa gething banget karo pacare bram kok. Ya moga wae bocah ketemu karo karmane.” Wong loro iku padha padha ngrasani yanti nganti sedina muput. Salah sawijine dina sinta dikon blanja menyang pasar, sinta banjur lunga menyang pasar lan ning prapatan dalan sinta kaget merga weruh yanti gandhengan karo cowok, nanging sing di gandeng dudu bram, sinta dadi mikir sing ora-ora ngenani yanti.
“dorrrr” ujug-ujug bram ngagetake sinta saka mburi.
“dhuh mas bram, ndamel kaget mawon.”
“Hla kowe nglamun ana ing dalanan.”
“Sanes nglamun, nanging niko hlo mbak yanti”
Bram weruh, raine uga langsung katon mangkel lan nyedhaki yanti. “oh ngono ta, nag ngarepe apik kaya ngana, nanging ning buri bejate kaya ngene, dhasar play girl! Apa kowe wes marem nglarani atiku, yowes saiki wes ora ana hubungan apa-apa maneh, kita putus” yanti kaget banjur luru alesan kanggo nggawe percaya karo yanti, nanging bram ora nggagas banjur hubungan sing wis di gawe mbien langsung di pedhot, merga salahe yanti iku. Bram langsung lunga nyedhaki pembantune lan lunga bareng menyang pasar.
Seminggu sateruse bram dadi menengan lan ora gelem mangan, nanging sinta tetep ngirih-irih, bram ben bisa kaya biasane maneh. Bram banjur ngrasa yen wong sing tepat kanggo ndhampingi urpe bram.“sinta, tak rasa-rasakake saya suwe aku kok dadi ngrasa seneng karo kowe, lan aku nduweni rasa tresna karo kowe, apa kowe gelem yen kowe dadi pendhamping uripku” sinta kaget banjur sinta meneng, lan bram mbaleni maneh. Banjur sinta karo isin-isin njawab yen dheweke gelem dadi pendhampinge uripe bram.

TAMAT

contoh naskah drama

ini lah contoh naskah drama radio yang kami buat untuk refrensi anda.
PEMBANTUKU DADI PACARKU

Tokok
Watak
sebagai
Sinta
Baik, cantik, rajin
gadis desa
Bram
Baik, manja
anak darmo dan maria
Darmo
Bijaksana
suami maria
Maria
Baik, penyayang
istri darmo
Yanti
Galak, suka menang sendiri
pacar bram
Pariyem
Baik,  jujur
pembantu

1.              Operator:          - musik pembuka
2.              Efek suara         - suara jalan kaki
-  Kicauan burung
-  Ketuk pintu
3.              Sinta                  - kilanuwun, kulanuwun..
4.              Pariyem             - inggih sekedap
5.              Efek suara         - jalan cepat
-Pintu diuka
6.              Pariyem             - wonten nopo geh mbak? Badhe madosi punapa?
7.              Sinta                  - kula ajeng kerja wonten mriki.
8.             Pariyem            - owalah, mangga, mangga mlebet. Sekedap geh, tak nimbali bos      kula rumiyin geh, sampeyan lenggah rumiyin di sekeca aken kemawon.
9.              Efek suara         - jalan kaki
10.          Pariyem             - nuwun sewu dhen
11.          Bram                  - iya mbok iyem, ana apa?
12.         Pariyem            - menika ndara wonten piyantun stri badhe kerja wonten mriki (grapyak).
13.          Bram                  - ohhh, hla saiki nangendi mbok?
14.          Pariyem             - wonten ing ruwang tamu dhen
15.          Sound efec        - jalan kaki.
16.          Sinta                  -nuwun sewu pak.
17.          Bram                  - iya, kowe arep kerja nang kene to?
18.         Sinta                  - inggih pak. Kula saget nglampahi pedhamelan punapa mawon kok pak.
19.          Bram                  - oh iya, kowe saka ngendi?
20.          Sinta                  - kula saking kampung pak.
21.          Bram                  - owalah.. Oh iya aku durung ngerti jenengmu, sapa jenengmu?
22.          Sinta                  - kula sinta, pak?
23.          Bram                  - jeneng kang elok, padha karo raimu sing ayu.
24.          Sinta                  - rai??? Sanes rai pak, , nanging paras.
25.          Bram                  - rai sing bener, nek paras ya ora paras to.
26.          Sinta                  - terserah sampean lah pak, kula mung bisa manut.
27.          Bram                  - hahah.... Mung guyon tok iki, ra usah di gawe ati.
28.          Sinta                  - hehehe.... Inggih pak.
29.          Bram                  - mbok.... Mbok yem...
30.          Pariyem             - dalem dhen, (mendekati bram) wonten punapa dhen?
31.         Bram                 - mbok ... Duduhke kamar kanggo sinta ya. Sisan diaturke apa yen pawone ana ning kana.
32.         Pariyem            - inggih pak, ayo melu aku.
33.         Efek suara         - jalan kaki
34.         Pariyem            - jenengmu sapa ta ndok? Nah iki kamarmu, lan kae nang kulon pawone.
35.         Sinta                 - kula sinta mbok, oh inggih mbok matur nuwun mbok.
36.         Sound efek       - membuka pintu
37.         Pariyem            - nah kene mlebu, oh iya jenengku pariyem, kowe mesti kesel ta? Mending kowe rehat wae sik kene, tak tinggal sek ya.
38.         Sinta                 - inggih mbok, matur nuwun nggih.
39.         Sound efek       - buka pintu
-  Tutup pintu
40.         Musik                - pergantian sekwen
41.         Sound efek       - suara ayam berkokok
-  Burung ber kicau
-  Jalan kaki
42.         Sinta                 - eh, mbok ...
43.         Pariyem            - hlo dek sinta, wis tangi ta? Iki wis tak siapke sega goreng sing ditresnani dhen bram. Lan kowe kudu eling yen dhaharan sing di senengi dhen bram iku sega goreng kang diisi sambel sing akeh lan unjukane iku jus jeruk.
44.         Sinta                 - oh, inggih. Inggih mbok, kula saged ndamel sedanten kok mbok.
45.         Pariyem            - ya syukur nek ngono. Nah iki tolong diaterke marang dhen bram ya, kae hlo ning meja makan, dhen bram wis nengga kae hlo.
46.         Sound efek       - jalan kaki
47.         Sinta                 - niki pak, sekul gorengipun.
48.         Bram                 - oh iya. Eh kowe ora usah ngundang aku bapak neh. Ngundang bram wae.
49.         Sinta                 - inggih pak.(menuju ke dapur)
50.         Soun efek         - jalan kaki.
51.         Bram                 - eh... Kowe arep ning ndi??
52.         Sinta                 - teng pawon to pak...
53.         Bram                 - mengko ndisik, aku arep ngomomg karo kowe.
54.         Sinta                 - nopo pak?
55.         Bram                 - sakjane ke aku...
56.         Sound efek       - buka pintu
57.         Yanti                 - hai sayang. Hlo...sayang . Iku sapa??
58.         Bram                 - em anu iki...
59.         Sinta                 - kula pembantu wonten mriki mbak, kula taksih enggal wonten mriki.
60.         Yanti                 - aku ke takon bram ora takon kowe. (judes) wis rana lunga ning mburi. Ora usah cedhak-cedhak karo pacarku.
61.         Sinta                 - inggih mbak.
62.         Sinta                 - (ngomong dalam hati) iku bocah kok galake ora umum, anake sapa ta iku? Ora tau mangan banku sekolahan apa piye ya, kok gelem geleme mas bram pacarankaro wong kaya ngono kuwi. Yowes lah ora usah di pikir wong iku dudu urusanku kok, mending mikir pagaweanku wae lah.
63.         Yanti                 - sayang aku arep ngomong karo kowe.
64.         Bram                 - ngomong apa? (cuek)
65.         Yanti                 - kok cuek ngono to, apa kowe wis dihasut karo pembantumu sing lenjeh kae. (diam sejenak) (merayu) sayang  ayo dolan ning mol, lagi akeh diskon saiki, gelem ya. Timbang nang omah ora ana gawean. Ya ya ya...
66.         Bram                 - yowes sesuk. Saiki aku arep metuk bapak ibuku ning bandara.
67.         Sinta                 -  aku melu ya mas.
68.         Bram                 - yo wes ayo.
69.         Sound efek       - suara jalan kaki
-suara buka pintu mobil
-suara mesin mobil.
70.         Bram                  - ayo cepet aja kesuwen.
71.         Yanti                  - iya sayang sabar. Ayo mangkat.
72.         Sound efek       -suara mobil jalan.
73.         Musik                -pergantian adegan
74.         Efek suara         - gaduh
-  Di bandara
75.         Pak darmo        - bu, bram nangndi ya? Jarene meh methuk.
76.         Ibu maria          - hooh ki pak, wis di goleki mrana-mrene kok ora ketemu-ketemu, durung tekan apa piye ya, dadi sumelang aku.
77.         Pak darmo        - wis bu, ra usah mikir sing aneh-aneh, mending dienteni kene wae karo lungguh ning kursi kene hlo.
78.         Bu maria           - yo wis pak ayo. Moga wae anakku ora kena apa-apa. (khawatir)
79.         Pak darmo        - ealah bu paling ya sedela maneh bram tekan bu... Nha kae hlo, kae bram lagi mrene.  Bram... Bram.... Bapak ning kene bram.
80.         Bram                 - dek, kae hlo bapak lan ibu ning kana, ayo rana.
81.         Yanti                 - ayo.
82.         Sound efek       - jalan cepat
83.         Bram                 - sampun dangu pak wonten mriki? Nyuwun pangapunten geh pak,bu niki gara-gara yanti ngendet-endeti njor bapak lan ibu kedangon anggone ngentosi kula.
84.         Bu maria           - ora papa kok, ya palah beneran nek karo dek yanti mrenene, hla dek yanti piye kabare sehat to?
85.         Yanti                 - sehat bu, ibu tambah ayu mawon bu. Wah mesti ngagem perawatan luar negeri niki. Heheh
86.         Bu baria            - wah dek yanti bisa wae ngrayune. Heheh
87.         Pak darmo        - wis ayo bali set, mengko dibacutake ndongenge ning ngumah wae saiki padha balik sik.
88.         Musik                - pergantian adegan.
89.         Efek suara         - suarajangkrik
-suara piring di tata
90.         Bram                  - sinta, kene hlo mangan bareng.
91.         Yanti                  - apa si mas? Pembantu ke mangane ya ning kana ning tempat pembantu ora ning kene.
92.         Sinta                 - kula sampun kok pak, kula tak teng winking riyen.
93.         Yanti                 - ya kowe lunga wae ora pante kowe ning kene.
94.         Efek suara         - jalan kaki
95.         Sinta                 - mbok, kenapa ya mbak yanti kok galak banget, aku dadi wedi mbok.
96.         Pariyem            - yo pacen wateke wes kaya ngono ndok, wis kawit cilik ngono iku, wonge ke pancen galak, terus apa sing dikarepake kudu keturutan. Aku ya rada wedi ndok. Ning ya wes lah ndok, ora usah di pikir, mung nggawe ngelu tok nek mikir wong sing ngono iku.
97.         Sinta                 - iya mbok.(diam sebentar) ngapa ya mbok kok mas bram iku seneng karo yanti sing wateke ngono iku.
98.         Pariyem            - ngene hlo ndok tak critani, sakjane bram iku ora seneng karo yanti nanging merga yanti iku anake kancane pak darmo, pak darmo iku njodhohake bram karo yanti, merga  kepeksa bram ya akhire gelem.
99.         Sinta                 - ngoten ta mbok critane, wah mas bram pancen  bagus budine ya, ora mung parase sing bagus, nanging uga bagus budine.
100.     Pariyem            - hla iya ndok, makane aku betah kerja ning kene.
101.     Yanti                 - lagi pada ngapa iku, lagi padha ngomongke aku ya!
102.     Pariyem            - (kaget) mbo.. Mboten ndara.
103.     Yanti                 - hla terus ngapa (galak)
104.     Pariyem            - anu... Niki... Emm... Anu...
105.     Sinta                 - niki sek ngrembak resep masakan kangge ngenjang.
106.     Yanti                 - aku ke takon mbok pariyem, dudu kowe.
107.     Sinta                 - punten mbak
108.     Yanti                 - apa??? Heh tak kandhani ya kowe ora usah nyedhaki pacarku wae, awas nganti kowe nyedhaki pacarku maneh. Heh..
109.     Soun efek         - suara jatuh.
110.     Sinta                 - adhuh... Inggih mbak, ngapunten (sedih)
111.     Yanti                 - mbok durusi wong iku. Eneg aku weroh wong ngono iku mending aku lunga.
112.     Sound efek       - suara jalan kaki.
113.     Musik                - pergantian adegan
114.     Soun efek         - kicauan burung
-ayam ber kokok
115.     Pariyem            - ndok, sinta. Kowe ning pasar yo tuku sayur.
116.     Sinta                 - inggih mbok, hla pasare wonten pundi mbok.
117.     Pariyem            - ning kana hlo, kowe mlaku ngetan ana pratelon jupuk sing nengen mlaku terus nganti tekan restoran, hla ning burine restoran iku pasare.
118.     Sinta                 - hla namine restoran napa mbok?
119.     Pariyem            - aku lali ndok, nanging sing penting ning daerah kono mung anane restoran ikutok dadi kowe ora usah bingung. Toh iku ya wes dadi panjeranku yen wes tekan restoran iku berarti wes cedhak pasar wong mung kari meng burine wae.
120.     Sinta                 - oh inggih mbok nek kados niku kula tak pangkat rumiyin.
121.     Musik                - pergantian adegan.
122.     Efek suara         -suara kendaraan
-jalan kaki
123.     Sinta                 - (kaget) hlo kae kok kaya mbak yanti, lagi karo sapa ya? Ketoke dudu mas bram, ning kok mesra temen ya. Iki kudu di kandhakake mas bram iki. (bimbang) ning, nek dikandhakake mas bram paling ya mas bram ora percaya. Lan mesti aku mengko diomehi karo mbak yanti maneh. Halah, piye ya??? Nek ngene iki....
124.     Bram                 - ngene iki apa sinta?
125.     Sinta                 - (kaget) hlo mas bramm... Anu.... Emmm... Niku.... Emm... (diam sebentar) kok masbram wonten mriki???
126.     Bram                 - iya aku lagi dolan dolan kok, hla anu apa sinta? Ngomong to aja mbab-mbeb wae.
127.     Sinta                 - niko hlo mas, mbak yanti...
128.     Bram                 - sapa?? Yanti??? Kena apa yanti??
129.     Sinta                 - ya niko pirsani piyambak.
130.     Bram                 - (kaget) apa yanti karo sapa iku? Wes tak parani wae.
131.     Soun efek         - jalan cepat
-buka pintu
-jalan
132.     Bram                 - (kesal) oh... Dadi ngene ya kowe ning mburiku? Apik tenan.
133.     Yanti                 - (kaget) mas.. Mas bram?
134.     Bram                 - (marah) yo iki aku, enak yo kowe selingkuh.
135.     Yanti                 - mas sebenere iki...
136.     Bram                 - ( marah) wes aku ora butuh alesanmu, tiwasan aku manut karo wong tuwaku, di jodohke karo wong sing ora bener kaya kowe. Wis saiki mendhing putus wae. Aku ora butuh wong sing kaya kowe, jeh ake cewek liya sing luwih apik ketimbang kowe. Wis mending aku lunga seka kene.
137.     Efek suara         - jalan kaki
138.     Yanti                 - mas... Mas bram... Nteni mas... Maaaaaassssssss.....
139.     Bram                 - wis ora usah milu, urusi wae gendhaanmu iku.
140.      musik               - pergantian adegan
141.     Soun efek         - jalan kaki
142.     Sinta                 - niki mas kopine.
143.     Soun efek         - suara gelas
144.     Sinta                 - mas, kok nglamun mas?? Sampun ta mas mboten usah di pikir, taksih kathah kok cewek ingkang pener kok mas.
145.     Bram                 - iya dhek sinta, sakjane kawit ketemu kowe sepisanan, aku iki ngrasa tresna karo kowe. Apa kowe gelem dadi pacarku??
146.     Sinta                 - nanging mas, kula niki tiyang kapung, kula larene tiyang ingkang mboten gadhah, kula inggih, penbantunipun njenengan. Napa sampeyan mboten isin nek gadha pembantu?
147.     Bram                 - aku ora bakal isin merga tresnaku karo kowe. Merga kowe ke apik budi pekertimu, ora mung iku kowe ya ayu. Dadi kowe gelem to dadi pacarku.
148.     Sinta                 - iya mas aku gelem
149.     Musik                - penutup cerita
Tamat




   

[ Vistory ]

Blogger templates